GEGER PATHOK BANDAR CIMANUK Déning Ki Tapa Kelana, Nurochman Sudibyo YS.




Bismillahirochmannirochim.
Niat sun mimiti muji, dumatheng gusti kang Maha Welas Asih
Ingkang sampun maringi berkah, hidayah dhumateng kula sedaya
Niat ambedhar lakon ing dunya, mugia dadhos catetané jaman
Lakon ora enthok-enthok, sun mimiti mbedar wiwitané sejarah
Gégér pathok, ning pepojok. Mumpung dhurung sampénan enthok
Insya Allah saged dadhos témbok, kang bakal dadhi dedhasar
Supadhosa urip mboten kesasar. Anak putu Wong Dermayu
Mbesuk bakal angsal pepadhang. Senajan pancen taksih kurang
Nanging mendhing mawon, saged njawab pitakon
Puniki pathok, sanés kayu kang sengaja njlenggonok ning pepojok
Kaweruana ning jaman begién, sewaktune jagat ramé ing muara cimanuk
Kala semana, wong Welanda kang niaté dagang ngranjing ning
Bandar Cimanuk niki. VOC iku CeVe kang ndueni ijin dagang killing jagat
Kaya dhéné bangsa liyané. Inggris, Portugis, Prancis, Cina, lndia lan Arab
Kumpul bangsa-bangsa ing Bandar puniki
Keceluk bangsa Welanda ulet lan pinter-pinter, manguasa usaha teng riki
Krana jayané bangsa Welanda usaha, wani mbébér bendera ning pathok puniki
Pathok dadhi tetenger kang angger. Nandhani catetané jaman semana
Bandar Cimanuk, gedhé-gedhéné plabuan ing nuswantara
Kawentar saderéng durungé wonten pelabuhan sanésé
Mangga dipun tingali data lan sejaraé, kang wonten teng Muséum Welanda
Ing catetan perjalanan Tom Pires, uga catetané bangsa China
Tilasané uga taksih ana. Yu sesarengan milet bangga,
Yén nagari kula samonten kaya, sugih banda, sugih arta,
Dadhi magnét bangsa sadunya. Yu sareng nggedhékna rasa bangga
Sampun curiga kang ora-ora. Anak putu wong Dermayu, kedah maju lan jaya
Dinten niki kasyukuran dumateng gusti kang murbéng dumadhi
Mutusaken niatan ngawujudaken kepéngénan sami
Muséum Bandar Cimanuk, kang pun lami dipun impi-impi
Mugi mboten wonten alangan punapa-napa, tebih mala, adhoh cecoba
Nggurataken sejarah ing tlatah puniki. Kedah sareng dipun uri-uri
Sejarah ageng puniki. Mugi Gusti paring ridhoné
Amién, amién, amién Ya Robbal Alamién.
Desember 2014

Komentar