Nurochman Sudibyo YS Mancing Kepiting

Sun ngarti apa mulané sira dué kesenengan 
mancingi bandeng lan kepiting
sing kono baé wis kedeleng
yén sampeyan wateké gampang petangtang petingting
apa baé sing kedeleng dicapit 
emong kecapit. Uripé medit kapicirit
ning rayat sing mlarat katone sengit

Aja petangtang petengteng kadiran lagi kuasa
kader kita gan weruh duwé balong balongane sapa
dué tambak tambaké sapa
sing ditandur baé dekéné negara
sira korupsi delengen ning saaté pasti dipretéli

Sun melu mancing, mancing kepiting
dudu krana awak isun lagi gering
mikiri sampéyan kaya ndeleng pakean bli garing
srengéngé bli cukup gawé ongkob ning awak
urip ira wis slalu baé mblangsak

Njegér kepiting nganggo welut tugelan
pancing kawat ngarah kuwat
kula sih mancing kepiting yén lagi kaberan
aja watir kula jejaluk solawat.

2011

Komentar