Lalakone Dewi Sri. Dening : Nurochman Sudibyo Noors Dibyo YS

Kaweruana sing arane Dewi Sri lan Raden Saddana awit cilik mula selalu bae didama-dama ditresnani dening rama lan ibune. Nambah dina entok dinane, ganti wulan-ganti taun, bocah loro mau saya nambah gedhe. Dewi Sri nambah katon bae ayu rupane. Kaya-kayane langka Dewi ning kahyangan sing ayune luwih sing Dewi Sri. Spa bae kang nyawang pasti tresna, demen lan cinta. Dhasar ayu anteng jatmika ruruh pasemone, lantip limpad panggalihe. pokokke langka sing kurang.
Semono uga Raden Sadana, sengsaya gedhe saya nambah katon baguse. Kathon dedeg pideksa, ambarayak kuduk manis, sugih kaweruh, sugih weweka, tamtu bae disayang ning sapa bae.
Barang Dewi Sri lan Raden Saddana padha wis gedhe, Dewi Brahmaniyati mbobot maning, mbenjang lair anake lanang diarani Raden Wandhu. Kuh mengkonon KangTandi Skober, critane ana wadhon, ana lanang ana wandhu hehehe... dalange udud dikit ach..... sruput wedange hehehe....

Komentar