LAKON LAIRE DEWI SRI LAN RADEN SADANA 2 dening: Ki Tapa Kelana aias Nurochman Sudibyo YS.

Kacarita sapeninggale Dewi Ngruna lan dewi Ngruni, Dewi Brahmaniyati kang nembe bae nglairaken anak kembar, ngrasa bungah krana Raden Srigati ngupai aran disetujui dening Prabu Wisnupati. Putrane sing wadhon keparingan aran Dewi Sri lan sing lanang Raden Sadana. 
Let setahun satelae bocah loro wis katon pada lucu-lucune, Prabu Wisnupati seleh keprabon. Putrane kakang pembarep saka garwa prameswari Dewi Sriyuwati kang aran Raden Srigati mau kaperintah jumeneng nnata ana ing praja Puracarita gganteni jabatan ramane. Raden Srigati jejuluk Prabu Srimahapunggung. Dene rayine tumuli Raden Srigati tunggal tunggal rama-ibu kang aran Raden Srinadda, kajumeneng nata ing negara Medhang Putra, jejuluke Prabu Basurata. Negara bebadra mau selanjute den arani Praja Wiratha. Nagari puniki lulus lestari run temurun nganti tekan jaman bubare perang BHARATAYUDA JAYABINANGUN.

Komentar