DEWI SRI LELANABRATA

Dicritakna kala semana lakune Dewi sri wis adoh saka negara, ngambah teba, alas tuwin padesa, kang tinuju sakawit nedya anggoleti ingkang rayi Raden Saddana. Ning salah sawijineng wengi, lelakune Dewi Sri tekan ana ing salah sawijining desa. Piyambeke ora sengaja ngliwati scedhake umae buyut Soma ya arane Kaki Soma.

Nalika semono Buyut Soma lan rabine kang aran Nji Samini masih pada melek senajan wis seminggu jamane ora bisa turu. Wong loro ning sanjrone gubug pada rerasan bab rekasane uripe. Ing Atase dadi buyuting desa, tegese dadi tuwa-tuwa ningd esa, kader anake mug loro, wadon lan lanang, putu ya mung telu , tanggungjawabe akeh, kebutuane akeh, senajan wis dilakoni jungkel malik mekaya ora wedi angin ora wedi ning udan, nanging angger bae tansah kekurangan bae ning soal sandang kelawan pangan.

Krungu bab ngersulae kaki nini mau, Dewi Sri kang landep pangrungone langsung nggrentes atine. Tumindhake dumadhakan kaandheg. Krungu rerasan mau kepegin pisan nyumurupi apa sebabe. Mula piyambeke langsung mapir ning pangginane Buyut Soma. Nyi Buyut kaget lan wedi pisan. Ujug-ujung ning tengahe wengi ana sema wong wadon ayu rupane mbuh sing endi parane. Nyi buyut keweden soale mbokan sing teka iku bangsane memedi utawa wong ala ang nyurup dadi wadon sing bagus rupa. Nanging Dewi Sri enggal ngandhika prasaja,menawa panjenenganipun iku sajatine putri nata saking praja Purwacarita, kekasih dewi Sri. Krungu sing kayang mengkonon gage bae Ki buyut gurawalan enggal-enggal ngacarani mlebu lan nglenggahken ana ing salu.

Dewi Sri sesampune ngaso lan lenggah sing tata, nuli takon apa sebabe dene Ki Buyut amung tansah sarwa kakurangan sandhang pangane. Kaki Soma lan Nini buyut pada ngandharake lelakone gonta ganti bab tatakramaning bebojoan lan kaluwargane, anggone ngupaboga , ngupajiwa sarta anggone nata bale -somahe.

SUPADHOSA SEMPULUR REJEKINE
Krungu alesane Kaki Soma lan Nyai Samini, mbanjur Dewi Sri ngandika manawa satemene akeh laku lagon lagyane Kaki Soma Ln Nyi Buyut Samini kang sanadyan ora den sengaja, nanging nrajang wewalering wong umah-umah. Utamane uga ana bincilan pasatua tuwin dina wancine temuning penganten, muka tundone mbanjur diadohi saking rizki. "Awit saka iku menawa anjaluk sempulur akeh rejekine, gedhe begjane, Kaki lan Nini buyut kudu nglakoni upacara kawin maning miturut wektu dina pasaran sasi, taun kang wus matok, ngiras panthes mangerti anggone jejodhoan, sarta kudu gelem netepi laku patang perkara; yaniku (1). Kudu tansah rukun mong-kinemong anggode nglakoni urip dadi salaki-rabi. (2). Tansah nguluri para leluhure tuwin ajeg sembah-hyang. (3). Taberi memikir lan nyambut gawe, uga banjur adus lan ngaturake pujamatra ajeg, yen apan turu, yen wanci lingsir sore , lan (4). Kudu gemi, nastiti, ngati-ati, sabar, la narima, uga waspada, ora lirwa ing budi daya. " koten jeh pangandikane Dewi Sri. Malahan kang 4 perkara niku kedah diantepi, sayekti Gustikang murbengdumadhi bakal paring nugraha, ngasembadani ing sapanyuwune.

Komentar