Crita Lanjutan Lakon Dewi Sri lan Raden saddana dening Nurochman Sudibyo YS alias Ki Tapa Kelana.

Kacarios sesampune maringi pitutur dening Kaki Soma Lan Nyi Saminih, Mbanjur Kaki lan Nini Buyut pada andheku nedya ngestokake kabeh dhawuh pituture sang Dewi. Nyi Buyut nuli gage menyang pawon, nedya centhik geni anggodhog banyu lan reranteng sega salawuhe. Naging sang Dewi enggal ngandika menawa sarirane nuju nglakoni ora dhahar sega lan ngujuk wedang, piyambeke amung mundhut sasaji rupa: Kinang ayu, kembang boreh, paesan pangilon, klasa bangka tuwin ratus lan dupa wangi. Sawise ngandika mengkonon sang Dewi mbanjur menyag snthong muja semadi.

Sawise rampung anggone nyepakaken sesaji pamundhute sang Dewi, kaki lan nyi Buyut nuli padha lulungguhan ana sajabaning senthong, melu muja semadi nganti teka lingsir wengi. Kala semono wekasane pada bae ngantuke, banjur kabeh pada leleson sesenggoran. Ngarepaken wayah byar esuk. Nanging Dewi Sri serampuge caos sesaji muja semedi, nuli metu saka senthong sateruse metu saka ngumah , nutugaken laku nedya anggone nggoleti ingkang rayi.

Sewaktune tiba ning wayah esuk. Ayam jago kukuluruk, wetenge dalang lan sing nongton pada kremuyuk krana wis wayae teka ning kemaruk, tangane garuk-garuk clingak-clinguk langka teh tubruk, langka sega lengko lan krupuk, lah lumayan ana empuk-empuk barang didumuk sing due malah ngamuuukkkkk.

Komentar