SIASAT KEJI SANG ASWATAMA Dening : Ki Tapa Kelana alias Nurochman Sudibyo YS.

Kocap kacarita sewaktune kekandaan Prabu Kresna lan Prabu Baladewa ora nyadari yen ning pinggir alas banaliwungan, minangkane wates negara Mandura karo Hastina mau, sebenere ana sing ngrungokna. Ora adoh sing kono, ning krusukane tetanduran seantarane rerungked gegodongan alas, ana menungsa telu jumlae sing lagi nusup karo nguping. Wong telu mau sejatine buronan perang Bhratayuda yaiku Raden Aswatama putra Resi Dorna. Karo bature kang aran Krepa lan Kartawarma. Wong telu iku dudu turunan keluarga Kurawa tapi kepanjing wong-wong kang uripe ngawula ning Kurawa.
Sebenere lamun pikirane lagi ora mantheng ning arah dalan balike Prabu Baladewa, Kresna biasane langsung bisa ngawerui kahanan sing ana ning sekelilinge. Deweke langsung ngebut marani negara Hastina. Sementara Aswatama kang lagi ngumpet sasore tanduran rungked gage bae narik napas jero pisan. Sebabe lamun ketangguan deweke ana ning kono dening Sri Kresna bakal ketangkep.
“Untung Prabu Kresna lagi ora awas. Biasane mah prabu Waraka kuh paling titis perasaane. Eh ngomong-omong paman Krepa lan Kartawarma, mau melu ngrungokna beli yen Prabu Kresna arepan dadi duta meng Negara Astina. Berarti keluarga para Pendawa sekien kih masih ana ning Tegal Kurusetra,” Aswatama mbuka omongan njaluk pendapate batur-bature.
“Toli arepan apa sing diluruh ning kana? Prabu Duryudana bae wis ninggal dunya jeh,” jawab Paman Krepa.
“Paman, mumpung masih ana kesempatan, kita bisa nggawe pritungan karo Pandawa sakluargane,” jawab Aswatama.
“Pritungan sing kaya ngapa maning Aswatama, toli sapa kang arep dipritungna? “ jare Kartawarma nyela.
“Ya tentu bae Para pandawa lah Paman. Sebab sun kuh, kudu mbales dendam. Nuntut bales atas gugure kanjeng rama lan khususe para Kurawa!” jelas Aswatama.
“Hey...Aja kayang konon lah Aswatama. Kita wong telu lunga sing Kurusetra iku krana ora setuju karo prilaku lan tindak tanduke Duryudana. Weruh ora yen Duryudana kuh slalu bae ngedek-edek harga diri nira, karo nyanjung Prabu Salya. Sekien deweke wis pada mati, apa gunane nuntut bales?” Jare penlasane paman Krepa.
“Bener Aswatama, kita luwih bagus nyerahna diri bae, atawa balik meng umah bae, njalana urip kang bener,” usule Kartawarma.
“Huh ...dasar pengecut kabeh. Sampeyan wong loro ora nduweni rasa mulang trima ning Kurawa sing wis mai dalan penguripan ning kita kabeh.” Aswatama malah ngece.
“Ngomong apa sira! Sapa sing wis mai dalan penguripan ning kita. Kita olih upah sing keluarga Kurawa iku krana reang kih kerja, ngabdi ning negara Hastina. Dudu mangan gaji buta. Ati-ati Aswatana ari ngomong kuh. Lamun kita beli kerja...., toli Kurawa mai mangan Cuma-Cuma, kuen arane nguripi awak reang, Toli aja gampang sira nyebut kita wong loro, sapengecut rong pengecut. Kang pengecut ya sira dewek.... Sira ninggalna medan perang karo mlayu kebirit-birit kaya berit kapicirit. ” jelas Kertawarma.
“Tapi kita sih mlayu kuh dudu krana wedi, soale kentokan senjata ya mlayu. Kan bli seimbang lawane senjatae akeh, kitae kentokan ya mlayu bae dikit...” jawab Aswatama ingkar lan bobad.
“Dadi sira bli arepan melu balik tah? Wis arep ning sajerone alas bae kaya kirik wedi kenang gebugan tah? Jare Krepa karo ngingetna Aswatama supaya balik.
“Reang sih bli arepan meneng anteng. Wis tak sebutna mau, reang arep nuntut bales nganggo ngilangna lara atine kita,” jelas Aswatama nolak diajak balik.
“Toli kelingan belih bapane kita kuh perlaya dening Dresta Jumena, sedenge wonge kuh masih urip lan sekien masih ana ning tegal Kurusetra. Sekien pasti lagi pada liren ning kemahan. Gubuge pasti ora dijaga kuat, krana wis ngrasa aman sih. Apa maning Sri Kresna lagi langka ning Kurusetra. Artine kien kesempatan bagus nggo nuntut bales, paman? “ Aswatama ndesek ngajak keloro bature supaya kepincut.
“Maksud ira priben Aswatama? Kita kon bareng karo sira nyerbu dadakan mana konon?” Krepa lan Kertawarma bareng njawab.
“Kita ora sebodo lan tolol kayang konon, paman. Masih akeh cara sejene. Ora bisa mateni tokoh utamane..... ya minimale keluargane lah. Kan bisa nggawe ademe ati. Toligah reang sih arep nunggu saat kang bagus. Soale saben tenda sekien wis katon kabeh, keisi dening keluargane Pandawa”.
“Oh...mengkonon maksud ira Aswatama.... Kita sih masih sadar nang. Kuen dudu perbuatan kesatria. Apamaning sira arep nyusup mateni wong sing gurian mungkin lagi turu pisan kuen arane main bokong. Sun sih emong, mana sira dewek bae..” jare Krepa nolak.
“Ya wis ora papa ari bli arep pada ngrewangi sih. Sing penting kita kudu bisa mateni kluargane Pandawa. Kita bli arep urusan karo pendapate sampeyan kabeh”.
“Tapi kita bli setuju karo cara nira sing arepan maen bokong sing kaya mengkonon Aswatama. Yen sira ngrasa wani maju terang-terangan. Yen sira bener wani lan siap maju terang-terangan kita wong loro bli arep ngalang-alangi apa maning nglarang” Kerta Marma brusaha ngelingaken.
“Eling gah Aswatama. Kita kabeh kih pribasane mung ngabdi ning raja. Yen rajane wis mati ya nganggo apa mbela-mati matian kuh?. Apa maning sewaktune masih urip kelakuane raja sing tek peluni kita kabeh kuh, luwih akeh jahat lan bejade, ketimbang baguse,” Paman Krepa ngelingna.
“ Oh..dadi Paman nganggep Pendawa bae sing bener? Sampeyan durung pada ngarti apa kedadian sing sebenere, sing wis tuniba ning bapane kita? Bapane kita Begawan Dorna bli bakal mati lamun weruh kita minangka anak kesayangane masih urip. Para Pandawa sengaja mateni gajah sing arane pada karo aran reang. Seteruse digembar gemborna yen isun wis mati. Padahal kala semono bapane kita ora percaya yen ana kabar Aswatama mati. Tapi Nggo negesna bener apa belie, deweke takon ning wong Pendawa. Rama Dorna takon bener tah neli Aswatama mati? Jawabe Pandawa Beneeer....! Apa dudu bajingan! pembohong lan pendusta kuh para Pandawa! Kala semono sawise krungu kebeneran yen Aswatama mati langsung Rama Dorna semedhi mohon ning hyang dewata agung supaya nyabut nyawane. Samono uga Rama Dorna langsung mati. Lan sing dadi Sun dendam kesumat, kala waktune dalan patine rama Dirna teka, Dresta Jumena langsung nugel endase bapa kita sampe kepisah karo badane. Dadi bapane kita kuh dudu mati nglawan musuh, tapi krana kelicikane Pandawa. Kuh wis semono crita kang sebenere. Priben prasaane paman wong loro, yen nduweni nasib kang kaya reang. Apa bli kepengen nuntut bales? Lamun sampeyan ora nuntut bales arane sampeyan anak durhaka, anak sing ora bhakti karo wong tua.“ Aswatana ndedes.
Krepa lan Kertamarma kapitenggengen ,ngrungokna apa kang den critakna Aswatama sampe ngotot murub mancrot.
Aswatama langsung lunga dewekan manjing jero alas marani arah manuju perkemahan para kluwargane Pandawa sing masih ana ning Tegal Kurusetra. Samentara Krepa lan Kerta Marma justru sepakat nunggu balike Sri Kresna sing Nagari Hastina. Tujuane arep nyerahna diri karo laporan rencana jahate Aswatama kang arep memperwasa kluargane Pandawa.
Geliseng kanda cepete wong ndalang supaya gage pragat, olih akeh brekat hehehe.. Dicritakna Aswatama karo slandap slundup deweke bengi iku bisa ngrindik-rindik marani Tegal Kurusetra. Tentu bae deweke bli wani ngliwati dalan gede bokatan ketemu bala tentarane Pandawa. Pendeke yen awan nusup ning sajrone alas sing amba. Yen bengi nusup lang rumindik ning wewatuan tebing supaya bli katon ning sapa sapa.
Supaya gage sampe tekang Tegal Kurusetra Aswatama ngubengi alas lan gunung cilik. Sing nduwuran bukit, deweke bisa jelas nyawang tenda-tenda perkemahane keluarga Pandawa. Sampe tekang waktune sing diarep-arep tuniba. Aswatama kaya wis olih tanda bakal bisa mbales dendam marang kaluargane Pandawa. Apamaning ning atine kudu gage cepet dilaksanakna aja sampe Sri Kresna sing due ajian kang awas pandelengan, bisa nggagalna rencanane.
Bengi iku Mega ning sanduwure langit Tegal Kurusetra peteng dedet. Angin kaya nyedot hawa atis. Gawe wong turu tambah lali. Aswatama karo renrindikan lan ngetokna kemampuan ilmue kang cepet anggone mencelat mencolot kaya klinci bisa gage sampe ning salah sawijine tenda kang paling bungas. Langsung bae lawon tendane disowek karo maca ajian sirep lan keampuan badik pusaka kang pernah den pai dening Ramane. Selanjute ramyang-ramyang kedeleng siang ana ning jero tenda raine wong lanang sing lagi kemulan turu lali. Kaberane maning jare Aswatama; “Ora salah kien wonge kang aran Dresta Jumena kang nugel gulue bapane kita. Ning sebelah tengene katon uga raine bocah nom satria sing lagi turu lali. Bocah kuen kuh kang arane Panca Kumara putrane Prabu Yudistira, siji maningge sing ngringkel adu gigir karo Panca Kumara, Srikandi kang uga lagi pules turu lali.” Jareng mbasane Aswatama kaberan temen kih...kien kang manah Resi Bhisma sampe rubuh lan sengsara. Matane Aswatama langsung murub abang nyemporot kebek dendam kesumat. Badik sing ana ning tangane ditublesna langsung, ning jantunge Dresta Jumena, selanjute tanpa ana suara Kesatria Nagari Pancala iku langsung Perlaya. Sing kepindo Badik Aswatama langsung ngenai Srikandi. Nyawa Srikandi diputes saat kuen uga. Sing katelune nembe Nyawa Panca Kumara langsung melayang ditumbles dening pusaka badike Aswatama. Bengi iku sajerone tenda kebek getih banjir darah, mbleber sampe metu sejabane tenda.
0ra cukup tekang semono, Aswatama langsung marani tenda sing ana ning deretan keloro. Begitu manjing jero katon ning deweke ana telung wanodya sing katone lagi turu lali. Yaiku Dewi Drupadi, Dewi Sumbadra lan Dewi Utari kang lagi mbobot olih sangang wulan. Dasar sekudune ketangguwan, Dewi Utari kang lagi mules-mules kenang akeh pikiran lan bawane si jabang, dumadhakan tangi. Deweke dumadhakan ndeleng ana wong lanang katon lagi nusup nggawa badik, Utari langsung njerit:
“tulung...tulung ikuh ana wong...Tulung...tulung..ikuh ana uwong...manjing meng tenda..” jerite Utari krungu sekabeh wong kang lagi pada turu. Para penjaga ya gage marane meng tenda kang ana suara jeritan. Samentara Aswatama setelae krungu Utari jejeritan langsung minggat, ngilang ning sajrone pepeteng. Sirna ilang ora bisa den sawang.
Drupadi lan Sumbadra langsung tangi kaget krungu jeritane Utari. Para kadang Pandawa langsung pada tangi gage marani tendane Utari. Bareng krungu ora ana apa-apa pada lega. Tapi satelae salah sijine penjaga mai weruh ning tenda kang paling bungas akeh getih betataran lan kabeh kelurga Pandawa kang bengi iku tangi langsung bae bambuka tenda. Kabeh kaget ora kepalang. Geger begi iku yen Raden Dresta Jumena, Panca Kumara lan Dewi Srikandi Gugur. Bima dumadhakan nggerem ngetokna amarah kang ora ketahan:
“Sapa kang weruh.....sapa biang keladine? Hayo jawab penjaga sapa sing mateni Dresta Jumena, Panca Kumara lan Srikani hoy..aja meneng bae...kerjanira apa...!.” Jaya sena ngamuk krana penjaga langka sing weruh, sapa wong kang nyusup manjing meng tenda. Apamaning sampe numpes keluarga Pendawa lan mateni sampe sadis. Para penjaga malem bengi iku uga ditendangi sampe kawur betataran akibat amuke Jaya Sena alias bima.
“Sing sabar kakang Sena, ayo pada takon ning Utari kang muga-muga weru sapa sebenere sing nyusup manjing ngawe perkara begi iki,” bujuke Arjuna ning Kakange.
“Mau sewaktune kula nglilir, tak deleng raine Aswatama nlusup manjing ngwiyak tenda karo nyekel badik sing kebek getih, rama Arjuna,” ucapae Utari.
Kala semono Dewi Drupadi langsung nangis jejeritan, Nglumpuk sampe pingsan ndeleng jasad anake sing kebek getih. Bengi kuen Jaya Sena langsung ngajak pasukan sing ana, nganggo ngudag Aswatama sampe manjing sajrone alas banaliwungan. Karo ngetokna kasekten lan kuwate gada bima sing gede, alas separeke Kurusetra mau rusak diamuk dening Bima lan pasukan Pandawa.
Sementara Darma Kesuma ndeleng Drupadi nglumpruk karo ngrangkul jasad anak kesayangane ora tega. Deweke langsung netesaken banyu mata karo ngrangkul rabine supaya sabar. Saking bijaksanane senajan Utari wis nyebutna sapa sing dadi lelaku utama lan bengis marang anakke, tetep bae Yudistira sigep nahan amarah karo gage ngumpulna seluruh kluargane supaya jasad ketelu mau dikumpulna ning tenda agung. Deweke langsung ngajak supaya Arjuna lan adi-adine nunggu keputusane Sri Kresna. Karena Yudistira yakin yen Sri Kresna weruh sejelas jelase sapa kang kudu tanggungjawab ning kedadian sing nimpa kaluwargane.
Gelise kanda sewaktune Bima durung ana kabar sanjrone ngoleti Aswatama ning jero alas, Esuke Prabu kresna Teka. Deweke uga crita yen cepet-cepet balik meng Kurusetra kuh, dudu bae krana prasaane blenak, tapi mau ning tengah dalan ketemu karo Krepa lan Kartamarma sing ngaku nyerah arepan balik lan mai weru yen Aswatama wis marani mene arepan njalanaken sikap jahate anggone mateni keluwargane Pandawa. Utamane arep numpes kluarga Pandawa karo cara licik, nyusup sing gurian. Mulane barang weruh bener-bener kedadiane tuniba ning awake Dresta Jumena, Panca Kumara lan srikandi, banyu matane kresna langsung netes. Gage bae tangane narik Arjuna lan sedulur-sedulure supaya gage siap-siap nggawa persenjataan, nyegat playune Aswatama. ***

Komentar