DUMADINE WIDADARI PITU

dening : Ki Tapa Kelana utawi Nurochman Sudibyo YS.
Kacarita ning mangsa Manggasri, yaiku mangsa kang dikenal dening among tani mangsa Katiga. Kala semono ning Kahyangan Junggirisalaka lagi kenang ketiban mullad. Yaiku ana wujud sasotya adi kang mancur-mancur mancorong cahyane. Kala semono Bathara Guru lan para dewa liyane mbanjur pada muja semedhi. Ora let suwe; Dumadakan sosotya mulad mau pecah dadi pitu. Selanjute pada bubar dadi wujud widadari pitu. Kang adi indah sulistya ing warna, kaparing nami:
(1) Dewi Supraba, tegese cahya kang adi indah;
(2) Dewi Wilotama, tegese leng utawa wadon kang utama;
(3) Dewi warsiki ya kasebut Dewi Siki, tegese kembang gambir ing kaswargan kang gandane amrik arum ngambar ngebagi jagat;
(4)Dewi Surendra, tegese Dewi mustikaning Kahyangan Suralaya;
(5) Dewi Gagar Mayang, tegese mayang utawa kembang jambe kang nuju mekar. Sanepa rerengganing wanodya kang suci, kang wiwid ngancik birahi, uga ateges megaring sunar utawa maya;
(6) Dewi Irim-irim pinindha kembang adi kang tuwuh ing banyu, kang amrih arum nganbar gandane; lan kang paling nom
(7) Dewi Tanjungbiru, pinindha kembang tanjung iya disebut uga kembang terate biru kang tuwuh ning banyu, minangka pralampitan tuk, utawa sumbering panguripan katresnan kang sejati.***

Komentar