DRUPADI NIBAKNA SUMPAH BLI BAKAL NGGELUNG RAMBUTE, SADURUNGE KEBASUH GETIH’E DURSASANA

Dening: Ki Tapa Kelana alias Nurochman Sudibyo YS

Ana pribasa sing wis kawentar ning jagat padang; Swarga ana ning tlapak sikile sema utawa ibu. Nanging ning kenyataane wong lanang mbuh seringe klalen malah kadang kurang nempataken pengertian kang duwur marang kaum wanodya. Kaya dene kedadian sewaktune keluarga Pandawa nglawan Astina ning sajerone lakon nguji kepinteran maen judi ngadu dadu.
Dicritakna sewaktune kabeh arta lan dunyane entok ludes nggo botoan, Darma Kusuma atawa Samiaji alias Yudistira akhire nrima ajakane Sengkuni supaya ngetokna Drupadi minangkane rabine dewek, nganggo taroan lan botoan. Soale Samiaji wirang yen kudu metu sing Astina. Deweke pengen gage ngrebut Astina nggo keluargane. Karo ditekuk raine, Yudistira langsung ngucap:
“Ya wis, sekien tak waneni taroan lagan garwa kula Drupadi !”. Krungu ucapan sing kaya mengkonon, bli kejagan kagete wong-wong kang ana ning balairung stana Astina. Utamane para pini sepuh sewaktune ngrungu pangucape Samiaji sing ora manjing ning akal. Resi Bisma, Kresna lan Guru Dorna mangucap bebarengan:
“Ora bisa! Bli bisa! Sun a ora setuju, rabi jeh didadekna taroan ning arena perjudian sing kaya mengkenen. Dudu mengkonon carane nang!. Wis ditunda bae dikit dolanane, Ayo bubar kabeh!”
Nanging apa sing kedaden, kala semono cepet pisan dedalane wektu, sekabeh persoalan bli dilirik. Sengkuni kang licik, pikirane kotor lan julig, ora nyia-nyiakna kesempatan sing wis kecekel ning tangan. Dendam kesumat wis kerumat sajrone pikirane dewek. Anggone mbales sakit atine yayu Gandari sing den sayangi ning anak putune Pandu Dewanata. Niat lan tekade nyilakani kaluarga pendawa bli bakal sirna. Mulane dadu kang wis kadung dibalangna dening Sengkuni, ngasilna “Kurawa menang!” njerit karo beberekan cangkeme Sengkuni nggegeraken jagat. Sedulur satus bangsa Kurawa gemuyu ngakak, pada surak njingkrak-njingkrak. Ning sajrone atine pasti bae ngakoni Kurawa bakal selalu memang. Sebab licike Sengkuni anggone nggawe dadu dibedakna karo dadu sing den silihnya ning Samiaji. Ananging sing ning tangane Sengkuni dewek, dadune iku wis diganjel karo timah supaya yen dibalangna selalu tibane ning angka sing gede bae.
Sengkuni dumadhakan sesumbar; “Sekien kita sing menang, Drupadi dadi milike Kurawa, Drupadi dadi miliki Kurawa!.”
Ucapane Sengkuni dibarengi karo surakke wong Kurawa sing ora baen-baen sampe kaya arep njebolaken balairung istana lan seisine. Mengkonon uga Duryudana minangkane kang dadi raja anom Astina. Deweke langsung njenggelek tangi sing singasana, karo gemlantang nyuara, nyombongaken kemenangane, deweke mlirik ning Yama Widura karo ngomong sinis:
“Hoi Paman Widura, gage emeten Drupadi sekien uga, gawaen mene, soale sekien wis dadi milike Kurawa,”. Tamtu bae Yama Widura ngrasa kesinggung ngrungu pangucape Duryudana, sakecapan munculaken kewanen diri sing langsung njawab:
“Oh.....Duryudana, sira sekien wis bener-bener edan. Kaweruana ya waktu ancur lebure awak ira wis bakal tuniba. Sira sekien win ana ning petitane urip, Sira bakal tiba nyungseb, lan ancur, kebakar lan musna dening napsu satoan nira kang sadis, kejem lan rakus uga durjana. Sira bakal nggletak ning lembah kang nista, asebab nuruti hawa nafsu kang sudra. Hoi...Duryudana, terusaken nang.... sira sekien mabok kemenangan. Sing bakal mayungi musnae kakuasaanira sing ora bakal luwih mung 13 taun maning. Inget ya sira bakal sirna kepangan dening amuk kamenanganmu dewek,”.
Waktu semono dumadhakan balairung Astina kedadian rame perang cocot, perang bacot, perang omongan, nanging Duryudana ora kentokan akal. Deweke langsung nugasaken adine si Dursasana dikongkon nyered paksa Drupadi sing ana ning kamere.
Dursasana langsung mencolot kaya kilat nuju kamere Drupadi. Karo sombone deweke semawur:
“Hey Drupadi, sekien sira wis dadi milike kita, turutana bae apa sing tak pengeni, apa penjalukku ora kena den lawan. Aja isin aja wirang, kader langka wong sejen ning kamer kien kuh, mung kita wong loro, ayu gah nok wong ayu.....”
Nanging Dewi Drupadi bisa ngindari serangan hawa nafsu birahine Dursasana. Ndeleng drupadi inggat, Dursasana nambah tenaga lan brusaha maksa. Tangane sing kuat langsung ngrambet maksa nyegat, ngalang-alang layune Drupadi. Tangane langsung nyawuk gelung rambute Drupadi sampe betatar, ngrimbyak awut-awutan kaya dene wanodya sing nembe bae diperwasa, diperkosa. Ora kejagan sedih lan wirange Drupadi, kecampur hawa amarah uga dendam kesumat manteng ning sajrone dada. Drupadi akhire nurut bae diseret paksa marani ruang pertemuan balairung istana nagari Astina. Karo nibakna tetesan banyu mata mbebes mili, bari nahan emosi kang gedene ora kira-kira, deweke ngomong karo sesenggukan:
“Oh... mengkenen ya....carane sampeyan kabeh. Lamuna bae sampeyan nresnani Ibu la kaum wanodya, ora sakudune ana kedadian kang kaya mengkenen. Mula iku saksenana sun janji ora bakal ngramas “mbasuh rambut” yen ora nganggo getie Dursasana,”.
Durung sampe pragat Drupadi ngomong, Sengkuni sing cangkeme ompong, raine kriput lan awake bungkuk iku langsung kesirat birahi nyorogna awake. Deweke mareki Drupadi karo dwuweni maksud arep nglojodi sandangane Drupadi kelawan paksa. Nyatane deweke bisa nglucuti klambine Dewi Drupadi teka siji. Tapi dhumadakan ana kedadian sing ghoib. Gusti kang murbeng dumadi ora nyetujui laku asusila kang kaya mengkonon. Drupadi sing wis lemes dedes rupane, bisa ngetokna kesakten kang gawe takjub wong kang ndeleng. Sebabe wis ping pirang-pirang balen Sengkuni ngudari tapie sampe numpuk kaya gunung, awake tetap bae masih kebungkus tapih slendang kang dawa ora kejagan, bli entok-entok senajan ditarik sampe mentog. Kabeh sing ndeleng kedadian kuen langsung keweden, gemeter, pucet lan lemes dedes kapitenggengen. Kabeh pada dedonga supaya kaindar dening kutukane Gusti Sang Maha Kuwasa. Kala semono Dursasana lan Sengkuni sing dipengarui hawa nafsu berahi iku akhire kedublag, tiba njungkel ning lemah, karo nglumpruk kepegelen, lemes dedes ora bisa obatola.
Mung Bima atawa Jaya Sena ora kuwat nahan amarah. Karo nggeget lambene lan ngremed ngepelaken driji tangane sing terus den tahan dening kapat sedulure, deweke ngetokna suara gremengmeng sing gawe oyeg jagat karo sesumpah:
“Reang janji, muga dikabul bisa nyerot getie Dursasana sing biadab lan dhuweni ati kaya satoan, sarta sun bakal mbeset-mbeset nglotok kulite Sengkuni sing ora idep isin,”.
Nah kayang konon kedadiane. Akhire mangko apa kang den sumpahna dening Bima atawa Jaya Sena lan Dewi Drupadi kelak bakal kalaksanan ning sajrone perang jaya Brata Yudha. Kien mangrupa karma ”Ngunduh Wohe Penggawe” atawa “Ngunduh Wohe Karma”. Kita kabeh kudu inget lakon crita wayang iku selalu ngajarna manungsa supaya eling lan waspada. Intine aja gampang “Mabok Kamenangan”.***

Komentar