Materi Lomba Maca Puisi Basa Tegal 2012 Bag.1

Materi Lomba
Maca Puisi Basa Tegal
Karyane Wong Kabupaten Tegal
Komunitas Asah Manah

Puisi Basa Tegal Pilian Wajib Babap Penyisihan

Dyah Setyawati
Indonesia Rayahan

Pletek cenger bayi abang
Mata mbranang dongane wong tua kanggo si jabang
Muga tu mekan dadi tunase bangsa
Njunjung arane keluarga
Kudangane bapa biyung jebul nglayung
Anak sing digadang gawe wirang
Barang urip mapan mangku jabatan
Beleh kemutan
Piweling sing kudu dieling
Polahe songkrah sakepenake wudel
Duit muwel, weteng njubel
Korupsi nili siji siji
Ora nang kana ora nang kene
Dipetani sengsaya rembel
Tankocapa pertiwi sesengrukan
Ngileng bumine kanggo rayahan

Pletek cenger bayi abang
Dongane wong tua laka sing beleh petha
Mesti temata
Dudu biyung salah ngandung
Sangang wulan wetenge mlendung

Mangan kupat numpake mersi
Dadi pejabat ora kudu korupsi
Emut mumpung igin bisa nyruput
Sedurunge kepundhut
Mareni nyuda tumindak sing ala
Njaluk pangapura maring sing kuasa
Mumpung durung ucul nyawa

Indonesia aja kanggo rayahan
Mending pada urip bebrayan
Nop. 2012-12

Nurochman Sudibyo YS.
Negeri Kelem, Negeri Kerem
Krana tibane pangucap manungsa
kang den umbar ngaluwihi kuasane gusti
saiki katon ning mata, sekabeh jagat pada robah
menika mangrupa tanda tandane jaman
bonggan kowen ora njaga sakubenge alam
kedadiane bumi sewaktune ndeleng tetanduran
sanajan ana udan, ora ketulungan

ombak gedhe ning lautan gawe ngeri para nelayan
pesisir laut kepincut tambah suwe tambah ciut
nyawang laut katon sewot, ombake gede
gumebyar krasa abot
wong nandur bako langka sing dadi
malah mati kesiram bocoran lenga
delengen ning kowen dalan banyu
sapinggire gili durung pada dikeruki
apamaning disenderi, akhire dadi ploen buntu,
tutupan watu. Kali-kali pada mati
disumbat amarah emosi luruh bati
saiki delengen dalan-dalan mlebu ndesa
kaya ombak-ombakan. Aspale pada krowak,
dadi balongan cilik anjul-anjulan

delengen alas ning wates pedesaan
kayane wis akeh wit-witan sing pada ilang
wit gedhe kari bonggole
wit sedeng kari godonge
pada tiba ning plataran bumi, dadi siji kecampur lemah,
nyawa sato kewan, nyawa tetanduran, nyawa sekabeh mahluk
sukma jalma manungsa, uga dhedalane kowen kabeh ben bisa ambekan
lumakahe kowen soale ora saimbang, mulane mung bisa nembang
sakubenge langit kumananda, lair tangis saben dina
saiki samya katon tingalen mawon
kathah prau baita magrong magrong nembusi langit
kajunjung benteng ketaton
puniki kedadiane pratandaning jaman
ilange godong pace, mampete birokrasi,
tugele jalinan silaturahmi. Sing ana mung saling prediksi
korupsi wis dadi tradisi
aku sih wong cilik, mung bisa nyakseni
wong-wong pada mangan daging sedulure dhewek
iku kabeh wis pada weruh, nagari puniki pun klelep
nagari kerem. Nagari kelem, nagari kerem banjir banyu mata.
Hadi Utomo

The Long And Winding Road

Dalan sing nggered sikilku
Dalan sing dawa nemen
Tur angine gede, nampeki rai
Perih manjing sajeroneng jaket
Getih dadi mandeg
Tapi lawang umahmu
Kayong ora bakal ketemu

Bengi sing peteng nggriyeng
Luh sing ngecembeng
Sikilku terus nggrayangi dalan tut satindak
Angin sangsaya atis, nampeki rai
Tapi lawang umahmu
Sangsaya adoh – sangsaya adoh

Padahal
Gemiyen wis tau tak tengeri
Latarmu tak cebloki mawar abang
Tanpa kowen weruh
Sapa sing nyawang nganti kamitenggengen
Dalan dawa temuju maring lawangmu
The long and winding road
Lead me to your door
*saka lagune The Beatles.



Apito Lahire
Jontrot
Prenjak, ciblek, gelatik, watu, lebean, sirdum, gatiyong
Dipulut daning Jontrot
Sikil, endas, mata, bokong, tangan, rambut,
Unyeng-unyeng,
Digoreng sreeng...sreeng...sreeng...
Tempe, tahu aci, pilus, rempeyek dikremusi
Agama, keakinan dientuti
Bluuuussssssssssssssssssssssss
Waduuuuuuuuuk laaaarrraaaaaaaa
Urip ngenes tambah nelangsa
Copet kelangan sak sak
Tukang ngaduk klenger
Duwit mabur mutermuter dadi layangan nglinter
Cilukba............
Gejuh dara dadi riya
Mobatmabit langka kuwasa
Wanyaaad
Lenga campur kringet koleh spirtus dadi apa?
Gotri ala gotri mateni
Mendem impen:
“ana ula dudu ula ngloker neng sadawadawa”
“Ucrit kapicirit neng surgane tangga”
“boyok kumat”
-ganyong laka-
“nane sumpah lillah”
-anjog tampah-
“telak”
Telih?”
-Teglekteglek-
Preeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeet
“sapa sing ngebom?”
“kucig gering”
-tengu-
“rayap”
-traktor-
“kalong wengwong”
-kalonge wong-
“woge golong”
Dadi reketeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeek
Kleyang
“mati baeooooooooooooooooooooooooooooooooooooooh”
-ah

Klonengan, 20 desember 2008
Rojikin

Interupsi

Kang interupsi kang
Rayat nunggu....
Apa ung kaya kite tok kang?
Kang wakile rakyat jare kudu pokal

Kang interupsi kang
Rayat takon.....
Apa bene rika luwih seneng ngantuk
Ketimbang ngomong?
Kang interupsi kang.....
Apa bener yen rika ngomong pulsane larang kang?
Kang interupsi kang......
Kang innterupsi bener pulsane rika bebaaas roamig kang?
Ayuh kang mumpung bebas roaming
Ngomong kang
Ngomong!

Komentar