GURIT BASA DERMAYON


Nurochman Sudibyo .YS
Sesaji Kembar


Niat amuji syukur marang gusti kang maha suci
sing sampun nyukani karahmatan kang linuwih
puniki sesaji kula nganggo reresik badan sawiji
rumaksana urip ning dunya kathah cecoba
duh, gusti kula mboten sanggup luput saking dosa

Pun cekap anggoné kula lelakon sabar
kepéngin andadar awak supadhosa nambih jembar
kadhos déné tiyang-tiyang kang sabar sanésé
angsal genah sing tumaninah
jodo pati sagedha nastiti, dipun ati-ati, sinareng kepatri

Puniki sesaji kembar, pun ditambih layang sekar
kembang melati aruma wangi, kesiram minyak kesturi
sageda urip sajajar kelawan tiyang sanésé
kahindar dening mara bahaya, syirik pidik
angkara murka, adohana saking badan kula

Duh gusti kula satuhune nyuwun ampun…
mboten kiyat kula nyanggané
rumangsa kula jalma manungsa biasa
kang mboten lepas saking sawon lan dosa
kula nyuwun sageda tebih saking siksa
urip bahagya dunya lan akhirat
anggadai tresna sing langgeng
kados dene tresna kula teng panjenengan.

Puniki sesaji kembar
kembang werna pitu, pun kajajar kalih
juada pasar sajodo pasang
kendi cilik, toya pethak ketutup tigan
sinten tiyange sing bakal ngarubeda
tak terjang mangsa wurunga.

Komentar