GEGURITAN ANYAR DYAH SETYAWATI

 Duit Maning-duit maning

Sapa wonge sing beleh butuh duit
Wiwit bocah tekan nyai putut ora bakal mrengut
Yen ngegem duit
Dilawani adus kringet
Esuk anjog sore
Aja kosi dadi kere

Nyekel saben dinane
Bis ngopeni keluargane
Ngelih laka duit wetenge mlilit
Repan mojar utang komat kamit

Tuku motor laka duit dilampoa kridit
Saben wulane micil nganti kapicirit
Sing nagih petentabg petinting ngungkuli demit

Duit , duit alias fullus
Ndadekna pipi rine alus
Kanggone laki kita ndeleng pupu mulus
Awas kakeyan duit
Gampang digoda demit

Maune sorga manglih neraka
Ana organ tunggal penyanyine
Jentrak jentrik kaya singgat nangka,
Batuke kena nggo ngaca
Gatel nywer ya ngetokna duit

 Duit=duit alias uang
Alat tukar barang, transportasi end transaksi
Tekane pati ya butuh piti
(jarene wong padang)

Duit-duit beleh bisa ujug-ujug
Tiba saka labgit
Kudu diluruh
Yen wis ketemu
Ejen berkah kudu sedekah

Duit-duit. Wiwit prekojol, biaya sekolah
Rekening listrik lan tetk bengek
Kabeh nganggo duit
Lamar gawean ‘
Nyalon korsi jabatan
dduit-duit nang utramane pake duit
Duit pancen perlu
Rapi aja ngnti kegawa napsu
Ngalalna sekabehe cara
Nganti gawe sengketa lan perkara
Nambah dosa neng alam dunya

Eling ajamung anane
Duit-drit duit
Ning utek siear
Kabeh mesti ganggo rasa
Lan erumangsa.
2011-04-15



Nyengel Mata

Simpenan pejabat senduwure camat
Sing diruat umat, lamat-lamat katon ceta
Jebul wis netesna bocah
Ora adoh saka ngomah
Laya tembelek dipincuki
Mata melek dipiceki
Apen-apen ora ngarti

Apa kie lakune priyayi
Seneng dolanan geni
Apa pancen garise urip
Klilip, kelap kelipe ndonya
sing wis tua

beleh kuat nyawang; nandang lelara ning kana
tobleg; wong wadon atine mowak mawik
gusti; leredna panas dadane
aja kosi umeb rumeb

moni beleh tekor tapi aja di jor klowor
cepeta eling ; tumindak sing mbeling

aja kadiran duwite segepok
pating tltktek ngrenteng tarok
klalen piwelinge si mbok
dhean bae kudune dilandrat eben kapok

 2011-04-15

Komentar