PUISI BASA TEGAL Karya Nurochman Sudibyo YS.

TUA DONGKLOK NGAKU JAKA DOLOK

Ning ngarep kantor Dewan Tegal akeh wong pada ndodok
ning  adepan pisan, bocah enom maca puisi persis nang pojok             
Bos….! Kélingan beleh, badan sawiji wis doyok
Dunya sing dikadiraken wis kari sarung lan katok
Nggo mangan baé sedina-dinané mung nemu sega tok
Dén sadari bos, untuné sampéyan baé wis nyoplok
Kowen ya weruh oh ya yén tenagané sampéyan asliné ya wis entok
Saben dinané baé gampang kumat lara encok
Yén dikongkon maca pikiré mentok, matané mandan kotok
Njungjung kayu setitik langsung lara boyok
dirasa-rasa dengkulé sampean bos, apa ya wis teklok
Awan bengi watuké ngoklok-ngoklok
Kaya cahya ketokan lenga ning damar teplok
Mbuh seringé sampéyan lelamunan nyawang tembok
Kadang ngomong déwék kaya mendem kaya wong mabok

Jare wong tua, asalé sampéyan enomé kurang nyawang jitok
Kon blajar urip bener njalanaken ibadah baé malah mogok
Ning wong jujur lan sukses slalu bae moyok
Yén maku petangtang petingting nggéndol golok
Diwénein wejangan ning wong liyan ati sampeyan gondok
Ning wong cilik gampang sewot gampang nabok
Gayané masih bisa ngomong jorok
Ning atine ésih kepéngin nggasak-nggosok
Asline sih yakin sung, boro-boro wani nyogok

Mbiyén lagi enom, sampeyan ésih kuat mangan baso nem mangkok
Saiki pancén dunyane ya wis entok
Nyicil utang mana méné tetep bae manggrok
Maring endi-endi diibaratna mung bisa nggawa batok
Olih pensiunan, olih kiriman, olih jaminan tetep baé tombok
Diséwoti, diganyami sampéyan meneng baé dasar koplok
Ari diélingna jaré kader uripé  wis rumangsa kagok
Ibaraté  kaya clurit sing wujudé blengkak bengkok
Kémutan ora yen gemiyén hobiné ya madhon, 
ya mabok, ya maén judi kopyok
Klayang kloyong bengi baliké njaluk dikerok
Ning bojo kepenginé nggandok
Gayané  ésih sénéng ndeleng wadon sing montok
Kelingané or sewaktune esih dué jabatan lan ésih ndodok
Senajan pinter méntale sampéyan bobrok
Ora kena ndeleng ayam blorok sing sémok
Dasar wong tua totok, senengé ngoyok-oyok si blorok
Ari ngomong déwék nyerokcok
Ngrungokna kandané wong acuh baé, karo ngrokok
Abekané yén lagi turu ngik ngok
dlopong baé matané dsar kuduné di colok
Cangkemé yén ngomong kedhuwuren énaké ya di gembok
Saiki barang wis toklok-toklok ngakuné sesumpahan wis kapok
Mlakune baé kaya Mentok, nemu duit séwu ngomonge rejeki nomplok
Bisa mangan lawue tugelan endog baé ya jebule sing sembok, 
lah Pan alesan apa maning  wong pikirané bae wis menthok
Due gubug nggo turu ya mung mondok
ora éling bakal mati dikubur bumine di patok

Wis man awaké dikumbah disit, sampé medhok
Ngésuk puasa ora kena mogok
Yen kathon awan-awan ngeplok
Mana ....Lunga sing kéné, 
aja ngganggu wong sing imané ora anjlok
Saiki wis mlebu wulan Ramadhan, Yok!
Aja sampé ngganggu puasané wong sing iman lan ikhsan
Woy.....Gedhe cilik, tua dongklok
Kowen Ora kena pada moyok
Sing eling lan akeh pagapurané Yok!
Disingkirna dosané 
Diakéhna wiridan lan ibadaé
Muga ketrima amal perbuatané.
“Sugeng Syiyam Ramadhan, Wilujeung Sasi Puasa Ramadhan”


SALAM SEJAHTERA SEPENUH CINTA
MENJALANKAN PUASA SEPENUH DOA
SEMOGA TAK TERGODA MERANGKUL DOSA
MENCIUM PETAKA TAK BAKAL GAPAI HARI RAYA.   

Komentar