LAKON LAIRE DEWI SRI LAN RADEN SADANA dening: Ki Tapa Kelana aias Nurochman Sudibyo YS.


Kaweruana yen Dewi Kadru lan Dewi Winata, kasebut uga Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Kelorone mau kakang karo adi minangkane putrine Bathara Brama. Keloro dewi kahyangan sing ayu rupane iki uga pada-pada kagarwa dening Reshi Kasyapa, tentu bae jumenenge ana ing Kahyangan Kasyapaloka. 
Kacarita nalika semana lagi pada kempal geguyonan ngumbar katresnane sing dadi laki. Karo wedangan lan jejaburan kang enak-enak, Dewi Ngruna ngawe perombaan. Yen jare wong sundamah pasanggiri lah.
Nalika semono garwae Srigati minangkane raja putra ing Praja Purwacarita, kang nduweni aran Dewi Brahmaniyati lagi anggarbini tua alias meteng sangang wulan. Jare Dewi Ngruna mbesuk yen bocahe lair lanang, Dewi Ngruni kang menang. Nanging yen menawa lair wadhon, Dewi Ngruni kang menang. Kesaksian dening Resi Kasyapaloka, wong loro mau pada setuju totoan. Sapa kang kalah kudu nlaktir mangan enak selawase urip.
Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni selanjute bareg-bareng miyang Praja Purwacarita, kang maksude sowan dumateng Prabu Wisnupati iya kasebut uga Bathara Wisnu ngejawantah. Wong loro langsung nuturaken apa kang dadi tujuane.
Kacarios bareng tumeka ning dumugi ning titiwancine, Dewi Brahmaniyati babaran. Kenyataanne bayi kang dilairaken kembar lanang lan wadon. Tamtu bae antarane Dewi Ngruna lan dewi Ngruni langka kang menang lan langka kang kalah, gara-gara sing ditotoi laire kembar. Kelorone mau langsung pada balik ning kayangan. Sawise olih pitutur lan sambutane Prabu Wisnupati, ramane Raden Srigati. Piujare meketen;" Manawa satuhune sih tresna iku tuwuh saka pakartining laladi kang nocogi".

Komentar