Itung-itung MAPAG SRI. (Menyambut kedatangan Dewi Sri". Lakon selajenge;

LOLOS SING PRAJA
Ning salah sawijine waktu, Raden Saddana sawise gedhe dewasa katari krama dening kanjeng ramane. Maksud tujuane Prabu Srimahapunggung arep njodoaken putrane antuk Dewi Panitra, sing masih turunane Hyag Pancareshi. Krungu arep dijodoaken ning ramane, Raden Saddana langsung lemes. Persoalane mbok ayune Dewi Sri bae sing dadi kakange durung krama. alias kawin. Deweke wedi kenang walilating kuna. Arane bae nglakahi sedulur tuwa, baka coba-coba seseringe nimbulaken rubeda kang werna-werna.
Kala semono senajan ibu lan bapane pada bareng gentenan mai pitutur lan katrangan kang logika, yen bab iku wis kapanggalih mawa petungan kang memet lan mateng. Malah gah jare ramane mah wis disaruki dening para brahmana praja, para dwija, para wiku, para winasis, lan liya-liyane. Malah kaanggep waktu kang prayoga ing salebare krama --tas kawinan, Raden Saddana bakal langsung den angkat jumeneng Pangeran adipati Anom minangka calon ganti ramane. Selajenge ingang sepuh Dewi Sri pun den rancang nedya bakal enggal dikawinaken, sewaktu-waktune pasti bakal olih jodo kang pinasthi.***

Komentar