Crita Sambungan LAKON DEWI SRI LAN RADEN SADDANA dening: Nurochman Sudibyo YS alias Ki Tapa Kelana.

Kacarita minggate Raden Sadana lan Dewi Sri sing kraton Praja Purwacarita maksih dadi tanggungjawabe para punggawa anggone nglaksanakaken prentah Gusti Prabu Srimahapunggung. Konon wis meminggon lawase para ponggawa lan pasukan pilihan kang den utus nggolati bocah loro mau durung ana sing asil. Malahan nasibe Dewi sri lan raden saddana bae langka kang weruh ning endi parane. Barenagan apa dewek-dewek ya durung ana sing mai laporan.

Samentawis Prabu Srimahapunggung lan garwane ning sjrone istana masih judeg, bingung lan pusing mbuh ningkanane , Maklum tekane reribed rupa-rupa lan ora den sangka-sangka. Bebarengan karo nunggu laporan hasil kinerja pasukan keraton, piyambeke katekan sema punggawa buta. Arane Ditya Kalandaru sawdyabalane sing kautus dening Rajane kang jejuluk Prabu Kala Pulaswa sing ana ning kedaton Medhangkumuwung kang masih klebu wilayah Praja Medhangkamulan Roban.

Prabu Kala Pulaswa iku asline putrane Ditya Reshi Pulaha, lakine Bhetari Kalayuwati, putri kesayangane Bathara Kala. Tamtu bae wis dadi cirine jagat, yen Bethara Kala iku ora bakal ana mandege anggone bab memusuhan karo Bhatara Wisnu, saturun temurune nganti teka ning sajebading jagat amba.
Prabu Kala Pulaswa wis sering krungu pawarta utamane ning bab kasulistyane Dewi sri. Mulane sampe gandrung kayungyun , sing saya suwe ora kena sinayutan andrenging asmarane, lamun ning jaman sekien sih wong demen dhewek langka kang bisa den alang-alang kacuali nyoba ngonggon wong liya tumandhang dadi duta anglamar Dewi Sri ning nagari Purwa Carita.

Nalika semana Prabu Srimahapunggung banget judheg ing panggalih. Mula mbanjur maringi wagsulan marang utusane Kala Pulaswa. "Hey Ditya Kalandaru, Dewi Sri uh langka. Durung suwe bocah kuh minggat nunuti adine Raden Saddana sing wis ngawiti minggat. Yen sliramu bener andhueni niyat kang kaya mengkoon los mana golatana dewek. Yen wis ketemu gage gawaen mene. Ko nembe urusan lamaran bisa den lanjut," pangandikane Prabu srimahapunggung dipun pahami dening Ditya Kalandaru. Ora sampe nuggu sue-sue deweke langsung nyanggupi lan mbudal pamit balik.

Komentar