KRESNA DUTA Akhir Perang Bratayuda Dening : Ki Tapa Kelana utawi Nurochman Sudibyo YS.

Kacarios ana kisah kang perlu den resapi natkala ana ing pungkasane perang sedulur anak putu kuru kang dikenal ning Kitab Mahabharata; yaiku Perang Bratayuda. Kejayaan perang bratayuda dipun tampa dening Kaluarga Pandawa. Konon miturut riwayate, lawase perang ‘begalan pati’ mau ana 20 dina lawase. Mulane ora salah yen selanjute Sri Kresna minangkane duta kaluarga Pendawa dipun utus nyukani kabar kamenangan Pendawa dumateng Prabu Destarata. Jaren basane Sri Kresna arep ngabari uga gugure sekabeh putra-putra Kurawa, lan kamenangan sekien ana ning pihake Pandawa.
Kala semono Sri Kresna gage manuju nagari Hastina bareng melu nng kretane ana Prabu Baladewa sing arepan sekalian melu balik ning negarane. Deweke rumasa wis pragat anggone ngewangi ndukung keluarga Pandawa ngadepi perang Bharatayuda. Samentawis keluarga Pandawa masih ngumpul ning perkemahan bareng-bareng karo prajurit lan sanak kaluargane. Kala semono keluarga Pendawa ora gage balik ning Astina sote rumasa durung ana keputusan kang bijaksana. Senajan pihake wis nampa kemenangan kang paripurna urusan negara ana aturan lan undang-undange. Apamaning ning akhir perang Bhratayuda Jasad Resi Bhisma masih seger buger senajan awake kebek tanjeban panae Dewi Srikandi. Penjaluke Sang resi panah-panah mau emong den cabuti. Deweke lagi nunggu waktune kang tepat, nganggo balik meng alam kelanggengan. Deweke uga jejaluk; mengko yen wis dicabut rohe njaluk supaya panah-panah iku langsung dibakar sisan karo jasad wadage.
Kala waktu semono, ning perjalanan marani negara Hastina, Sri Kresna ngobrol karo Prabu Baladewa. Prabu Baladewa mbuka omongan sing kaya mengkenen:
“Adiku Kresna...Kenangapa Para kadhang Pandawa ora dikongkon langsung pada balik bae meng Hastina?”
Sri Kresna langsung njelasaken bibit persoalane sing marakna deweke dadi duta ngadep Prabu Destarata. Jawabe Sri Kresna mengkenen,:
“Oh....meketen kakang mas Prabu Baladewa; Ari Hastina iku dudu negarane para Pandawa, senajan wis olih kemenangan, krana prabu Destarata masih urip. Gusti prabu Destarata iku kang masih nduweni hak dadi raja ning nagari Hastina. Soale lamun dipikir sing sebener-benere, Duryudana iku ngrebut kekuasaane ramane secara alus. Istilae nglakokna kudeta alus yen crita ning jaman sekien sih,”.
“Ari bengen Destarata kan wis pernah jangji, disaksesi dening kita kabeh uga para kadang Pendawa sewaktune bapane Pandawa yaiku Prabu Pandu Dewanata ninggal dunya?” Baladewa ndedes takon maning.
“Iku bener Kakang Baladewa...Sebab miturut undang-undang, Nagara Astina iku sepancene kudu diserahna ning Yudistira alias Dharma Kusuma yen wis gede lan dewasa. Namun perjanjian kuen kuh yen arep dilaksanakna slalu bae dialang-alangi dening Para Kurawa. Wajar bae yen saya-suwe krana akal licike bocak kurawa akhire Negara Hastina bisa den kuasai dening Duryudana. Tapi tenang bae Kakang Baladewa..., kader sekien mah Kurawa wis pada perlaya. Nanging senajana kaya mengkonon, kekuasaan nagara Hastina masih tetap ana ning tangane Prabu Destarata, Dadi Pendawa durung dhueni hak dadi raja sedurunge ana penyerahan kang resmi sing Prabu Destarata. Kien nganggo pelajaran ning para Pandawa supaya sabar lan minangkane kesatria kudu nurut, matuhi aturan lan undang-undang kang berlaku. Iku sebabe sun dadi dutane pendawa sing kaping pindone,” dijelasna maning dening Sri kresna karo terus macu kretane supaya nambah cepet.
“Ya wis Adi Kresna, sekien isune ngarti. Wis kita mandeg ning perbatesan bae, arepan langsung marani negara Mandura. Slamet jalan bae ya Prabu Kresna, muga dawa umur, lan slamet dunya acherat” kocape Prabu Baladewa, karo mudun sing kreta kendaraanne Sri Kresna.
“Bisa bae ya Kakang Baladewa kuh, maling-malingane isun ora melu perang Bhratayuda toli didongakna dawa umure hehehe...,” Kresna njawab karo gemuyu.
“Dudu kaya konon Adi Prabu, Riwayate para kadang Pandawa iku kan masih adoh jangkae. Kelingan beli tah beli yen Dewi Utari lagi meteng tua, sementara lakine Raden Abimanyu gugur ning medan perang bratayudha,” Baladewa nyoba nggugah atine Kresna.
“Bener kakag Baladewa; Lamun mengko Utari nglairna bayi lanang bocah kuen kang bakal ngewarisi Negara Astina. Artine kwajibane Kakang Baladewa uga sing bakal ndidik lan
“Ya iya.... anune mah. Tapi ari ndelengna nasibe Utari kah kitasih ngenes, sira di?”
“Ya pada bae Kakang Baladewa, ati kula gah ora beda pira melu ngenes lan nggrentes ndeleng nasibe Utari kang kaya mengkonon. Tapi ya arep kepriben maning Gusti kang murbeng dumadi wis nggarisaken mengkonon. Lamun gelem mah arep tak gawa bae Utari meng nagari Mandura. Ko lamun bocae lair lan sampe gedhe nembe tak balekna meng Hastina, tentu yen wis tiba waktune,” jawab Sri Kresna.
“Tapi kenangapa sing berhak jeh anake Abimanyu sing bakal ngewarisi Negara Astina, dudu Yudistira kang megang tapuk pemrentahan? “ Baladewa takon penasaran.
“Kakang Baladewa...para Pendawa niku pun sepakat yen nagari Hastina bakal dinekna ning Arjuna, sebab Yudistira alias Dharma Kusuma arepan tetep mimpin ning negara Indraprasta. Tapi nyatane Arjuna tetep nolak, deweke emong dadi raja. Apa maning kon ninggalna sedulur-sedulure. Dadi sing nguasa sementara ning Astina ya Yudistira atawa Dharma Kusuma. Kelak ning jaman sauwise keturunane Arjuna sing pan bakal mingpin negara Hastina,” Krena negesaken pangwerue nganggo ajian weru sanduwure winara.
Satelae olih penjelasan kang jangkep sing kaya mengkonon. Baladewa langsung izin balik ning negarane. Samentawis Sri Kresna karo rombongan pasukan pengawale langsung nerusaken perjalanan marani negara Hastina.***

Komentar