Bahasa Jawa Pantura Tak Terpeta, Lagu lan Geguritane Ngrambah Nusantara Oleh : Nurochman Sudibyo YS

--Sedurunge mbahas luwih jero makalah kien, tak buka karo tembang basa jawa pantura dialek Indramayu-Cirebon atawa Cirebon-Indramayu sing wis kawentar kaya dene lagu “Kucing Garong, Sumpah Suci, Warung Pojok lan Cibulan” sing wis akrab ning kuping masyarakat Indonesia.
DUDA KEPAKSA*1
Lara sih lara, Gara-gara mboke bocah, Kerja ning Saudi Arabia.
Kula ning umah mongmong bocah

Apa kesirian ning tangga, Sing wis pada mangkat mana
Blenak temen duda kepaksa, Mongmong bocah bari usaha
Reff :
Senoook ...... ,Aja nagis kelangan mimi ya nok ya
Sebab mimi lagi usaha, Sedelat maning arep teka ( 2 x )

Apa kesirian ning tangga, Sing wis pada mangkat mana
Blenak temen duda kepaksa, Mongmong bocah bari usaha,”.
Nyimak tembang tarling dangdut*2 ning duwur, senajan syaire ora duweni kaidah sastra (waca: mbagus-mbagusna tembung) nanging ning kenyataane mangrupa ungkapan empirik penciptane. Syair kuen kuh ora bae mung nyuarakna nasib perekonomian masyarakat kula jaman sekien, nanging uga uwis melu ngwakili jeritan wong lanang Indonesia siang ana ning pirang-pirang daerah. Wong lanang sekien akeh sing dadi korban wong wadon. Sebabe krana ora kuwat nyandang urip miskin, akire milih ninggalna lakine dadi babu kerja tetaunan ning luar negeri.
Coba bae dicermati lirik lagu ning duwur mau, sing wis dibedar nganggo basa komunikasi lokal masyarakat Indramayu-Cirebon. Krana tema-ne nyenggol kahanan lan kondisi sosial ekonomi masyarakat Indonesia, Mulane lagu kuen kuh gampang disenengi lan dadi hit ning daerah Pantura (Pantai Utara Jawa) ahire mrembet terus nyebar meng kabeh wilayah Indonesia.
Catatan Kaki:
*1- Lagu Tarling Dangdut tarling “Duda Kepaksa” Populer ning Indonesia tanpa nonjolna sapa penciptane lan penyanyi ne. *2—Tarling Dangdut beda karo Dangdut Tarling. Tarling dangdut iku jenis lagu sing iramane ya tarling sing sekien dikarang lan sing dadi patokane gamelan, diracik karo melodi gitar, suling klasik lan tepak gendang khas seniman Indramayu-Cirebon. Kendange iku ana 3. Kendang gede dan sing lorone kendang ketipung cilik, sing ditepakbareng-bareng. Dene Dangdut tarling iku jenis lagu dangdut nasional sing diterjemahna syaire karo basa jawa pantura dialek Cirebon-Indramayu. Lagu-lagune tentu bae ora bisa ditransfer ning irama gamelan krana prodak elektrik keyboard lan melodi sarta kendange digawe kaya dene lagu tarling. Contohe bae irama lagune “Keong Racun” beda karo lagu “Alamat Palsu” ne Ayu Tingting sing kepanjing lagu dangdut modern karo njukut esensi kesenengane rakyat Indonesia sekien ning music Dangdut Tarling.(waca:Migrasi sing gamelan meng Gitar-suling—sejarah tarling, karya Nurochman SYS lan gabungan penulis indramayu).
Nglongok kronologis basa Indramayu utawa basa Dermayon sing sekien disebut Basa Cirebon ning teks lagu dangdut tarling lan tarling dangdut, nduweni sisi unik dewek. Basa Indramayu ndue akeh ragam dialek. Sebabe Indramayu iku ya daerah kabupaten sing luas wilayahe lan jumlah pendudukke paling akeh ning Jawa Barat, dipengaruhi uga basa penduduk sing ana ning perbatasan daerah pesundan. Sisi geografis Kabupaten Indramayu*3 ana ning pucuk paling lor Jawa Barat. Kabupaten kien kih area-ne kebabar sing awit Desa Singakerta Kecamatan Krangkeng, iring-iringan karo Desa Bungko Kecamatan Kapetakan Kabupaten Cirebon ning sisi wetan, sampe tekang kulon tepate marani gerbang Kali Sewo Desa Sukra Kecamatan Sukra sing dadi wates Kecamatan Sukaratu Kabupaten Subang.

Latar Geografis
Dideleng sing posisi geografise Kabupaten Indramayu ana ning posisi 107° 52 ° - 108° 36 ° Mujur Wetan lan 6° 15 ° - 6° 40 ° Lintang Kidul, Posisi mengkenen kih wis cukup mbuktikna daerah gedhe sing wis tentu bae melu nyumbangna pakembangan basa jawa ning pantura. Apamaning yen dheleng garis kisike sing jarake sampe 114,1 Km. Kondisi georafis kien kih wis tentu mai pengaruh ning status sosial lan budaya masyarakate. Unike maning basa sing dienggo dening masyarakat setempat kih senajan akeh ragam lan dialekke, ning waktune pada omong-omongan karo sapa bae bisa saling paham lan silih ngerti. Mengkonon uga sewaktune ngadepi masyarakat luar Indramayu misale bae karo wong Cirebon ning sebela wetan. Majalengka lan Sumedang ning bagian kidul, sarta Subang, sampe tekang purwakarta ning wilayah mbang kulon.

Genae Kabupaten Indramayu sing wis kabentang sedawane kisik lor Pulo Jawa ngawe suhu udara ning kabupaten kien kih cukup duwur, yaiku sampe 28 ° Celcius. Samentara rata-rata curah udan sedawane taun akehe 61,06 mm. Curah udan paling duwur ana ning Kecamatan Kertasemaya, jumlahe dina udanne kecatet 2491 hari. Sedenge curah udan paling rendah ana ning Kecamatan Pasekan, jumlah dina udanne kecatet 683 dina. Ndeleng kondisi alam sing kaya mengkonon kuh tamtu bae nyumbangna pengaruh ning kultur masyarakate. Pengaruh kien kih katon sewaktune muncul dialog lisan sing cenderung atos,akas, lan tosblong (blakasuta = terus terang tanpa tedeng aling-aling).


*3—Yen dideleng sing sisi geografise Kabupaten Indramayu ana ning posisi 107° 52 ° - 108° 36 ° Bujur Timur dan 6° 15 ° - 6° 40 ° Lintang Selatan. Kabupaten Indramayu sing ana ning kisik lor Pulo Jawa kien kih dhueni 10 kecamatan lan 35 desa sing watese langsung parek karo laut. Daerah kien yen dibentangaken sedawane garis kisik lor jarakei 114,1 Km. Posisi Kabupaten Indramayu sing membentang amba sedawane kisik lor Pulo Jawa nimbulaken suhu udara ning kabupaten kien kih cukup duwur. Yaiku ana 28 ° Celcius.° kisarane antara 18 drajat Celsius. Rata-rata curah udan sedawane taun 2006 gedhene 61,06 mm. Lan curah udan paling duwur ana ning Kecamatan Kertasemaya kurang luwih gedene 70 mm sedenge jumlah udan kecatet 2491 dina. Curah udan paling rendah ana ning Kecamatan Pasekan. Ning kono kurang luwih gedene mung 55 mm jumlah dina udane kecatet 683 dina (Data Web. JABAR).

Sing dadi baguse maning sewaktu ngungkapna tembang atawa nyanyian malah beda pengrasane. Kondisi kultural sing kaya mengkenen kih uga kedadian ning masyarakat Tapanuli/Batak. Ning Sumatra Lor penduduke uga dipengaruhi dening lingkungan sing panas. Basa komunikasine ya terkesan kasar. Mengonon uga masyarakat Indramayu lan Cirebon. Warga ning sedawane pantura Jabar-Jateng. Tembung ukara “Kirik, Asu, dobol, edan, bajingan” lan sejenise, dadi sapaan kang akrab sedina-dinane, bahkan wong-wong ning kono ora nduweni beban apa-apa ning sewaktune ngomong atawa nyebutaken ukara lisan sing kaya mengkonon. Beda maning sewaktune diungkapna nganggo basa tulis. Misale bae ning puisi atawa gurit sarta lirik lagu sing ngungkapna diri pencipta lan senimanne daerahe. Mengkonon uga puisi lan tembang sing ana ning masyarakat Batak/Tapanuli. Puisi lan nyanyiane diungkapaken nganggo ati lan rasa. Tembang lan puisi-puisine nyreset pisan sajrone ati. Lamun ning masyarakat Batak ada lagu “Butet…..dammar guri la dammar muale butet” Ning Indramayu-Cirbon ana “aduh…..gusti kulane ampun ora kuat nandang larane……”.
Kondisi geografis sing pada uga kedadian ning masyarakat Kabupaten Cirebon*6. Minangka salah sijine daerah penting ning kisik lor Pulo Jawa sing dadi lawang lan gerbang Provinsi Jawa Barat ning belah wetan. Kabupaten Cirebon*6 diwatesi karo wilayah Provinsi Jawa Tengah. Posisi geografis mengkonon kuh strategis nganggo masyarakataken basa jawa ning pantura nggo dalane tembang lan lagu-lagune. Sejene kuen diliwati uga jalur kisik kien sing nepungaken arus transportasi Jakarta, Bandung lan kota Priangan wetan nuju arah Jawa Tengah lan sewalike. Daerah kien bisa gampang dijugjug nggunakna transportasi darat, laut lan udara. Wajar bae yen Kabupaten Cirebon ndueni kemajuan signifikan ning bidang industri lan perdagangan. Kemajuan kien mai pengaruh ning usaha pangembangan basa nggunakna lagu dangdut tarling lan tarling dangdut*. Krana pencipta lan kreator lagu basa Cirebon-Indramayu sawise bisa ngadegna usaha Recording ning kotane dewek. Otomatis Seniman lan pelaku bisnis tembang nambah produktif ngramekaken usaha musik. Sekien malah nambah akeh pengusaha rekaman ning kabupaten Cirebon lan kota Cirebon.
Kabupaten Cirebon ora ana bedane karo Kabupaten Indramayu. Secara georafis daerah kien nduweni wilayah kang amba lan iklime sing panas. Senajan ibukota kabupatene ana ning daerah kidul, sing dadi basis masyarakat sunda, lan fasih bebasa sunda, nanging Bupatine wani netepaken Basa Cirebon dadi basa wajib lan dadi kebanggan masyarakate. Mulane ora eran, yen lagu lan tembang basa Cirebon-Indramayu kuh gampang dipasarna ning daerah kien. Biasane bentuk produke CD, DVD MP3 dan MP4 lan ana uga kaset.
*6-- Kabupaten Cirebon anan ning antara 1080 40’-1080 Bujur Timur lan 60 30’ – 70 00’ Lintang Selatan. Jarak paling adoh sing arah Kulon meng wetan dawane 54 km lan yen sing Lor meng ngidul adoe 39 km. daerah Cirebon nduweni amba wilayahe 990,36 km2 ngliputi 40 kecamatan, 412 desa lan 12 kelurahan. Ibukota kabupaten-ne arane Sumber.
Wates wilayah Kabupaten Cirebon ning sebelah lor ana Kabupaten Indramayu, Kota Cirebon lan Laut Jawa, ning Sebelah kidul: Kabupaten Kuningan, lan ning Sisi wetane : ana wates karo Kabupaten Brebes. Sedenge mengkonon ning Sebelah kulon diwatesi daerah kang kepanjing Kabupaten Majalengka. Ndeleng wates sing strategis ning Kabupaten Cirebon kien kih, ora eram yen basa Cirebon*4-Indramayu semono gampange manjing lan dadi basa ibu utama, ning seantarane basa sunda, nggo srana komunikasi sedina-dinane ning daerah kien.
Sementara iku Kota Cirebon*6 sing ana ning deretan kisik lor Pulo Jawa. Mulai sing arah wetan Jawa Barat, garis kisike cukup dhawa. Adohe 8 kilometer marani wetan. Yen diukur sing Lor marani ngidul jarake ana 11 kilometer. Yen diukur duwure daratan ning duwur raine laut ana 5 meter. Kota Cirebon kepanjing dataran endep. Marani meng kota kien kih, bisa dinuju sing endi bae. Yen nganggo dalan darat adohe 130 km sing arah Kota Bandung, Ana 258 km yen dalane sing Kota Jakarta. Beli eran, yen jarak sing parek kien kih ndadekna Kota Cirebon dadi kota sing paling cepet mangembang pembangunanne lan sekien wis bisa disebut kota metropolitan.
Kota Cirebon kepanjing daerah tropis, karo suhu udarane rata-rata 22,3°C lan paling akeh 33,0°C. Paling akehe tibane udan 1.351 mm per taun, dina udane ana 86 dina. Kelembaban udara di kota kien berkisar antara ± 48-93%. Pengaruh iklim sing panas wis tamtu mai pengaruh ning prubahan kultur masyarakate. Penduduk kota Cirebon sekien wis jarang sing nggunakna basa jawa atawa basa Cirebon. Krana kemajuan kotane sing nambah pesat lan Cirebon sekien wis dadi kota sing ora bias nolak tekane penduduk luar.(urban). Dadi ora eran uga yen basa , lagu , tembang lan kegiatan kesenian tradisi sing dilakoni sedina-dinane masyarakat kota kien kih saya dina sengsaya nambah langka. Kebuktian maning wis bubare group tarling “Putra Sangkala” awit taun 2000, sedurunge pimpinan group tarling legendaris kien kih yaiku H. Abdul Adjib*8 ninggal dunya awal tahun 2011 mau.
Sementara iku kota Cirebon secara etismologi dikenal uga dhueni aran Kota Udang lan Kota Wali. Bahkan awit bengen dikenal uga dhuweni julukan kota Caruban Nagari*9 (Cirebon pananda nagari ) Dikenal juga dengan sebutan Grage (Negeri Gede ning basa jawa Cirebon ne artine kerajaan kang amba). Kota ne pancen potensial minangka daerah temon antara budaya Jawa lan Sunda. Awit pirang-pirang abad sing wis keliwat, masyarakat Cirebon mampu nggunakna rong basa, yaiku basa Sunda lan basa Jawa.
*4—Bahasa Cirebon; Awale ya basa Jawa dialek Cirebon, bengen dialek kien kih digunakna jaman perdagangan rame ning pesisir Jawa Barat mulai sing Cirebon sing due pelabuhan utama, Khususe ning abad ke-15 sampe meng-17. Basa Cirebon dipengaruhi dening budaya Sunda, krana posisine sing kewates langsung karo kebudayaan Sunda. Basa Dialek Cirebon nglestarikna bentuk-bentuk kuno basa Jawa kaya dene kalimat-kalimat lan pangucap, misale bae ingsun (saya) lan sira (kamu) sing wis ora digunakna maning dening pelaku basa Jawa kang Baku (goggle-wikipedia).

Lirik sebagai Simbol realitas
Selanjute ayo disimak lan resapi tembang sing ngwakili masyarakat wanodya Indramayu-Cirebon. Lagu kien kih syaire pancen wis dhuweni unsur rima lan irama sajak. Kayane ya bisa disebutna kepanjing ana nuansa sastra-ne. Senajana kaya mengkonon masih katon jelas ana kejanggalan ning sajrone esensi lirikke. Sebab maknane ora umum dadi contoh prilaku masyarakat jawa. Simak bae yu lagune; Ning kono dicritakna ana salah sijine wanodya sing tresna ora kejagan ning wong lanang sing wis due rabi. Intine sing teks lirik lagu kien kih dadi ungkapan jujur masyarakat Kabupaten Indramayu, Kota Cirebon lan Kabupaten Cirebon sing sekaligus diamini uga dening masyarakat Indonesia. Sing secara terbuka nodokna keserakahan nafsu kemanusiaanne (diwaca: korup) -- brusaha ngraih harta benda wong liyan. Anehe maning, senajan umure wis puluhan tahun, lagu kien ora ana sing mrotes utamane sing kalangan gender lan pengamat social budayane. Mungkin uga krana wis kadung dadi symbol moralitas bangsa, sing cenderung ora pernah puas ning dunya sing wis dhuweni. Yuh simak lagune “Tetep Demen”;
“Bli bisa diilangaken, tetep bae demen
Perasaan sun keganggu, yen sedina bli ketemu
Kelingan kenang meseme, Kebayang ning gantenge
Mengkenen temen rasane , demenan ana sing due
kelingan kenang meseme…
REFF
Kang kula ngarti, Sampeyan wis due rabi
Tapi kepriben, Kula ora bisa klalen
Kang sing percaya , Kula ning sampeyan tresna
Sewulan sepisan, Tulung kula tilikana
Senajan ora di kawin, nanging ikatan batin
kula ngrasa prihatin, kemutan janji kang dingin.
***
Ngresapi tembang Tarling Dangdut basa dialek Cirebon*5-Dermayon mau, sapa bae bisa langsung paham. Apa lan priben sing sebenere realitas masyarakat negeri kita sekien. Jujur bae yen nyimak syair lagu sing nembe ditembangna --para pencipta lagu, uga tembang wis mampu memanej emosine. Karo tembang sing bagus nggunakna basa ibune dewek. Malah-malah isun yakin sing nyiptakna uga sing nembang yaiku penyanyine dewek ora pernah ngrasa yen deweke secara langsung melu nyosialisasiken tembang basa jawa tersebut. Para biduane ora mikir tembangane kuh dimangerti mbuh beli.
*5--Dialek Cirebon diajarna ning sekolah-sekolah wilayah eks-Karesidenan Cirebon bebarengan karo basa Sunda. Di wilayah eks-Karesidenan Cirebon, dialek ken dituturna dening mayoritas penduduke sing tempat tinggale sedawane kisik lor kaya dene kota Cirebon, kabupaten Cirebon,lan Majalengka bagian lor, lan Kabupaten Indramayu atawa dikenal sebutane basa Dermayon. Sedenge ning Kuningan pada umume nggunakna basa Sunda dialek Cirebon.

Apa sing wis ditembangna semata minangka karya sing dipacu supaya dadi duit lan selanjute gage gawe lagu maning kaya dene ngawe rempeyek utawa goreng tahu aci. Persoalane dudu krana basa Indonesia atawa basa Jawa sing digunakna, sejene basa-ne wong Cirebon lan Indramayu kien sing toline dikenal karo sebutan basa Cirebon. –Catet : tampa mai imbuhan basa Jawa pantura dialek Indramayu atawa Cirebon.

Bahasa yang Tak Terpeta
Perlu uga diwerui yen basa jawa sing urip lan diurip-uripi ning pantura sekien kih ora pernah kecatet lan kepanjing program pakembangan Basa Jawa ning Indonesia. Senajana kaya mengkonon kuh masyarakat Indonesia ning dekade rong puluh taun sekien justru lagi kesengsem bareng muncule syair-syair tembang Jawa Pantura Indramayu-Cirebon. Ndeleng pakembangan sing santer kaya mengkenen kih, gelem ora gelem ndadekna masyarakat ning jaba Pantura dadi paham lan bias melu bareng nembang karo mbanggakaken basa Jawa sing wis dibungkus sajrone lagu kien. Bisa uga karo nggunakna lagu-lagu kien kih melu niti fungsi tembang, minagka corong kemajuane basa Jawa ning Pantura, ning dalem upaya nguatna seni budaya jawa sing notabenene kepanjing konteks pakembangan basa.
Diwerui uga wis sue basa jawa sing makembang ning Indramayu lan Cirebon during pernah dipai senggolan sing para peneliti basa jawa. Apamaning kesenggol proyek pakembangan basa jawa sing spesifik ngungkap pirang-pirang dialek sing ana ning wilayah kulon lan pinggiran kisik lor Pulo Jawa atawa Pantura. Sing akhire mai mai pluang nganggo tokoh-tokoh basa ning Indramayu lan Cirebon nganggo nguculna diri sing sebutan basa Jawa. Mulane desekan kuen kuh akhire kalaksanan minangkala taun 70-an masyarakat intelektual Indramayu lan Cirebon nolak nggunana kurikulum basa jawa Wetan sing dadi sumber pengajaran basa daerah ning sekolah-sekolah.
Kekosongan kuen akhire dimanfaataken dening penguasa ning Provinsi Jawa Barat nggo ngwajibaken masyarakat Indramayu lan Cirebon*7 nggunakna basa Sunda. Basa sunda akhire dadi basa sing wajib diajarna ning daerah kien lan dadi basa pendidikan ning sekolah-sekolah. Samentara iku ning kalangan akademisi lan para plaku basa Indramayu terus terusan berjuang karo ngebut nggawe kamus lan materi pelajaran basa Indramayu sing diprakarsai sening Warnali, lan Sumarjo.
*7—Wates-wates wilayah Kabupaten Cirebon iku ning antarane :Sisi lor: Kabupaten Indramayu, Kota Cirebon lan Laut Jawa, Sebelah kidule : Kabupaten Kuningan, Sebelah wetane : Kabupaten Brebes, Sebelah kulone : Kabupaten Majalengka. Yen dideleng wates e kih cukup strategis. Ora eran yen basa Cirebon-Indramayu bias gampang manjing lan dadi basa sing keloro ning sewaktune dadi basa komunikasi masyarakat pasundan.


Mengkonon uga batur-batur seniman, budayawan lan kalangan pendidik ning Cirebon. Tokoh-tokoh sing ana ning kota lan kabupaten ora gelem kalah karo pelaku basa daerah ning Indramayu. Sing akhire perjuanganne nyuarakaken basa Cirebon ngunduh kasil nembus birokrasi ning tingkat provinsi Jawa Barat. Basa Cirebon akhire dadi basa resmi minangka basa mandiri lan dadi basa resmi sing bias urip iring-iringan karo basa Sunda lan Melayu-Betawi ning Jawa Barat. Embuh unsur politik atawa lan sebab apa, sing jelas senajana Basa Sunda wis ora diajarna maning ning Indramayu lan Cirebon. Padahal basa Indramayu waktu semono wis dadi basa daerah kang wajib diajarna ning sekolah-sekolah—krana wis due kamus lengkap, kurikulum lan uga buku materi pengajaranne.
Ning kenyataane apa kang diperjuangaken dening batur-batur peneliti basa ning Indramayu iku, nyatane gelem ora gelem kudu nerima basa Cirebon minangka basa mandiri ning Jawa Barat. Bahasa Cirebon dadi basa sing ngadeg dewek bebarengan karo basa sunda lan basa Melayu-betawi. Mung bae; perlu uga diwerui, sampe dina kien basa Cirebon mau during pragat anggone nyusun kurikulum nggo nyiapna dadi materi pengajaran. Sampe sekien during lair uga kamus sing bener-bener lengkap sing bias dadi materi pengajaran lan buku-buku sumber nggo diajaraken ning sekolah. Artine pelaksana proyek penggunaan basa Cirebon during nyepakati sumber-sumber baku minangkane pakem sing bias dadi muatan lokal sing tepat nganggo dadi acuan sajrone pembelajaran basa ning telung daerah mau. Misale bae “Buku Genau Basa Indramayu-Cirebon” nggo diajarna ning Indramayu atawa “Buku Genau Basa Cirebon-Indramayu” nganggo materi pengajaran basa ning kota Cirebon lan kabupaten cirebon.
Durung kompakke masyarakat Cirebon-Indramayu dalem nrima tekane basa Cirebon uga katon sewaktune ning Cirebon ana “Lomba Maca Puisi Cirebon” (Dening pakar basa Cirebon tebung puisi sing basa Indonesia tetep kasebut puisi, sedange ning Indramayu, puisi wis lazim kasebut Gurit utawa geguritan). Ning dalem pelksanaan lomba ning Cirebon kuh, spanduke situlisi “Lomba Maca Puisi Basa Cirebon”. –Panitiane uga nulis bab sing pada ditulis ning buku materi lomba, uga ning kaos panitia karo sederetan aran penulis sing asale Kabupaten Cirebon, Kota Cirebon*8 lan Indramayu. Nanging sewaktune di gelar lomba sing pada taun arepe ning Indramayu, spandukke ganti tulisane; “Lomba maca gurit Dermayon-Cirebon”.
*8—Kota Cirebon dikenal ndue aran Kota Udang[ lan Kota Wali. Sejene iku kota Cirebon kawentar disebut kota Caruban Nagari (penanda negeri caruban)) lan Grage (Negeri Gede ning dalem basa jawa cirebon artine kerajaan sing amba).[5] Minangkane daerah patemone budaya Jawa lan Sunda awit pirang-pirang abad sing keliwat, masyarakat Cirebon biasa ggunakna rong basa,yaiku basa Sunda lan basa Jawa. *9—Aran Cirebon asale sing tembung Caruban,[6] ning dalem Basa Jawa artine campur aduk (krana budaya Cirebon mangrupa campuran sing budaya Sunda, Jawa, Tionghoa, lan unsur-unsur budaya Arab). Bisa uga asale sing tembung Ci sing artine banyu utawa kali lan Rebon iku artine urang ning dalem Basa Sunda (karena urang ngupakna salah sijine kasil perikanan Kota Cirebon).


Sing kono bae wis kathon durug kompake lan kurang harmonise masyarakat Cirebon nrima basa Indramayu, Mekonon uga warga Indramayu ngakui basa Cirebon dadi basane wong Dermayu. Perbedaan kuen kuh masih dadi paslisian santer sampe sekien lan durung ana pungkasane.
Dikotomi pengguna basa Cirebon-Indramayu uga sering kedadian ning group seni teater rakyat sing diarani “Sandiwara” lan ning Cirebon kasebut “Masres”. Yen ning Indramayu nggunakna basa kawi, ning Cirebon nganggo basa bebasan sing jelas krasa mirip pisan kaya dene basa Jawa Wetan. Ana uga pembeda sewaktune salah siji group masres ngisahna legenda Cirebon*9-Indramayu ditanggap ning Indramayu, sutradara lan senimane ora bakal wani ngisahna menange laskar Cirebon ning dalem syiar agama Islam. Uga sewalike, sewaktune group sandiwara Indramayu pentas ning Cirebon, Ora wani menangaken lascar Dermayu sewaktune njaga serangan Laskar Cirebon njajah daerahe.
Mbuh kenangapa, kelompok seni rong daerah kien kih kayane wis sepakat njaga kewibawan lan paseduluran. Sahingga tabu anggone saling kalah lan ngalahna. Padahal legenda daerah sing sikisahna kuenkuh wis dadi pakem lakon. Tapi ya embuh endi sing bener endi sing salah langka kang weruh. Krana sing awit bengen gah sutradarane ora pernah ngawe skenario. Dadi ora eran yen kisah legenda ning daerah kelorone iku nggantung sewaktune dipentasna. Seniman sandiwara nggunakna dialog lan tuturan kisah sing ora ana beban, justru sewaktune pentas ning daerahe dewek nganggo basane dewek-dewek.

Kakuatan politis
Kaya sing wis dipaparaken ning dhuwur, basa Cirebon wis menjadi bahasa mandiri*10 hal ini diperkuat dengan lahirnya Perda Propinsi Jawa Barat no 5 tahun 2003, yang telah mematok Bahasa Cirebon sebagai bahasa daerah, dengan kata lain bahasa Cirebon keluar dari bahasa Jawa, dan kemudian hidup berdampingan dengan bahasa Sunda dan Melayu-Betawi. Wiki Pedia juga menerangkan bahwa bahasa Cirebon dan Indramayu ini berasal dari bahasa Sunda yang dipengaruhi bahasa Banten*11. Padahal kosa kata dan padanan katanya sebegitu banyak memiliki kesamaan dengan bahasa Jawa sebagaimana yang telah dikembangkan selama beratus tahun di Jawa Tengah dan Jawa Timur. Munculnya banyak soal yang dialami masyarakat di Negara kita, baik menyangkut kehidupan ekonomi, sosial, budaya dan politik menjadi tinjauan yang menarik. Berbagai entitas ini mau tidak mau menjadi semacam beban yang diderita masyarakat dalam waktu panjang.

*9—Aran Cirebon asale sing tembung Caruban,[6] ning Basa Jawa artnei campuran (krana budaya Cirebon mangrupa campuran sing budaya Sunda, Jawa, Tionghoa, lan unsur-unsur budaya Arab) utawa bias uga asale sing tembung Ci sing artine banyu atawa kali lan Rebon sing artine urang sing ning Basa Sunda (krana urang mangrupa salah sijine kasilan perikanan Kota Cirebon).
Ora eran yen akhire muncul gebragan-gebragan prilaku masyarakat sing tanpa disadari nglairaken gebrakan. Sing gebragan kuen kuh maknane ngwakili gerakan pemberontakan karna urip sing ora stabil, akibat timpange penerapan keadilan dning tatanan hukum uga praturan. Kuen kuh sebabe akhire pada metu ungkapan-ungkapan lisan ning masyarakat sing yen direnungi nduweni makna gedhe minangkane symbol sing fenomena masyarakat jaman sekien. Luwih ebate maning sewaktune ana ungkapan sing lazim kuen kuh kasebut ning sajrone lirik lagu basa jawa pantura Indramayu-cirebonan*10 sing selanjute disosilisasi ora suwe maning. Malahan pada waktu lagune meledak, dadi hit lan dadi kenangan sape sekien, langka ana wong siji-siji acan sing wani protes. Realitas sing makembang dadi symbol moralitas bangsa kuenkuh. Kayadene sing wis ketulis ning lirik lagu “Tetep demen” ning duwur mau.

Fenomena tembang Jawa
Diakui mbuh belia, sampe sekien pakembangan basa jawa ngalami hambatan ning sajrone njalani proses sosialisasine. Sebabe wis dipengaruhi karo persaingan media komunikasi internasional sing ngutamakna basa Inggris, media cetak lan elektronik wis mung mai 1,5 persen bae nganggo basa Jawa. Saluwie nggunakna basa Indonesia. Samentawis ning sisi liane tuntutan basa jawa sing pun diprakarsai dados basa ibu terus diupayakna dadi materi pembelajaran lan sarana pendidikan ning sekolah-sekolah. Basa jawa seolah-olah mung milik kalangan ningrat kraton sing pusate ana ning Solo, Yogya lan Semarang minangkane Ibukota provinsi lan pusat kebudayaan. Sedenge ning sedawane kisik lor Jatim justru sebalike. Pakembangan basa jawa malah kedadiane nambah luwih maju, kaya deni sing ana ning pinggiran kosok lor pulo jawa (Pantura Kulon) khususe daerah Pemalang, Kabupaten Tegal, Kota Tegal, lan Brebes. Basa jawa dialek Tegal justru mengalami perkembangan sing signifikan.
Peningkatan kien kih dudu bae dikranakna basa jawa dialek Tegal wis lazim digunakna dadi basa komunikasi ning daerah Pantura antara Pemalang sampe wates kabupaten Cirebon. Nanging krana faktane basa jawa dialek Tegal wis dikenal dadi ikon komedi lan basa sastra ning dekade rong puluh taun kien. Mengkonon uga basa jawa dialek Cirebon lan Indramayu sing dadi basa komunikasi lan basa tulis masyarakat Cirebon pinggir wetan sampe tekang kisik kulon Kabupaten Purwakarta.
*10--Revisi Perda, sebenere bisa dilakoni nganggo macem-macem argumen linguistik. Tapi, kepentingan sing gedhe sing ditimbang-timbang awit sisi politik bisa dadi minagkane penutur basa Cirebon, sing ora gelem diarani wong Jawa uga dudu wong Sunda. Ketua Lembaga “Basa lan Sastra Cirebon” Nurdin M. Noer ngetokaken pendapate soal kien yen basa Cirebon iku asale krana persilangan basa Jawa lan Sunda. Senajana ning saat obrol-obrolan wong Cirebon masih bisa mahami separone basa Jawa, dewekw njelasaken yen kosakata basa Cirebon kuh terus ngembang ora mung ”ngandelaken” kosa kata sing basa Jawa uga kosa kata basa Sunda.”Sejene mengkonon, basa Cirebon kuh wis due akeh pisan dialek. Contohe bae dialek Plered, Jaware, lan dialek Dermayon,” jare kang Nurdin. Lamun arep direvisi apa kang wis dadi Perda mau, kemungkinane masyarakat basa Cirebon bakal protes.MAlahan gah Pakar Linguistik Chaedar Al Wasilah uga ngupai penilaian, ndeleng kondisi penutur kuat kayang konon kuh, revisi ora perlu dilakukna. Justru kang paling penting kang perlu dilakukna yaiku nglindungi basa Cirebon sing kepunahan. Soale ning kota Cerbon bae sekien wis jarang wong ngomong basa Cirebon.(web. Kota Cirebon).
Kabeh nyebut basa dialek Cirebon*11 lan Indramayu kien kih lewih ramah nganggo didadekna basa komunikasi lisan, tembang uga sing ana muatan sastrane kaya dene geguritan, Dibanding karo basa Jawa pendidikan sing pusate ana ning Solo lan Yogya.
Nambah subure pakembangan Sastra Jawa khususe puisi, gurit utawi geguritan wis kepublikasi ning wilayah pantura wetan lan kulon. Padahal ning kenyataane basa jawa ning wilayah pinggiran kisik lor Jawa kien kih ora kecatet ketimbang basa jawa sing wis dikembangna nganggo basa edukasi ning Jateng lan Jatim. Seringe disebut basa ndeso, udik, ngapak. Dialek basa jawa ning daerah kulon lan wetan kisik lor Pulo Jawa kien kih sering disebut uga basa pinggiran. Basa ning daerah kien kih pancen ora kenal tingkatan basa ngoko, krama madya, lan krama inggil. Anane mung bagongan lan bebasan utawa besiken jare wong Indramayune.
Ning daerah pantura basane mung cuma kenal istilah bagongan lan krama. Malahan gah ning kalangan pendidikan basa daerah pantura, dikenal minangkane basa jawa pinggiran. Saking pinggiranne, katon saka sisi geografis, dialekke medok nanging alami, basa jawa ning pantura kih justru dadi basa sing dueni kehasan dewek. Sekien basa jawa pantura malah layak nganggo dadi kajian lan panelitian.
Unike maning basa pantura wilayah Cirebon-Indramayu wis disepakati disebut basa Cirebon bae, meski sampe sekien masih terus dadi perdebatan. Nanging nggo basa jawa pantura sing didadekna basa lisan lan tulis ning Tegal, Pemalang, Slawi lan Brebes malah durung kasil nrobos kekuatan birokrasi lan politik didadekna basa mandiri atawa metu sing kancah basa Jawa. Kemandirian sing durung ditampa dening basa Tegal mungkin bae disebabaken tokoh basa, seniman lan budayawan ning daerah kien kih masih akeh sing nimbang-nimbang, blenakan. Sebab masih kandel pisan anggah-ungguhe. Sahingga luwih nduweni sikap “Bengal ketimbang wedi kepental”.

ikon komedi
Coba bae dicermati, priben yen salah sijine basa didadekna alat nganggo srana hiburan. Buktine sering pisan kedeleng ning mata acara stasiun TV nyuguhna lakon lan guyonan sing manghibur. Sering uga ning acara kuen kuh tokoh sing nggunakna basa Cirebon-Indramayu, lan basa pantura dialek Tegal, Brebes, Slawi, lan Pemalang. Malahan gah ning salah sijine stasiun TV swasta, acara OVJ (Opera Van Java) sing diperana dening Parto, Azis, Sule, Juju lan batur-bature. Sering-seringe wong-wong kuen kuh nonjolaken basa Indonesia sing dicampur karo Basa Jawa pantura. Dialeke Parto minangkane dalang ning acara kuen kuh sing semestine nggunakna logat khas Banyumas, malah milih gaya basa jawa pantura dialek Tegal.
*11--Perdebatan masalah Basa Cirebon dadi Salah siji Basa sing Mandiri ucul sing Basa Sunda lan basa Jawa, uws dadi perdebatan sing dawa. Malah-malah secar otomatis nglibataken pirang-pirang factor, termasuk uga faktor politis, pemerintahan, Budaya uga ilmu kebahasaan. ( Sumber Google)
Kadang kabeh uga nggunakna basa jawa pantura dialek Cirebon*15 -Indramayu. Ulae Parto kien kih uga pernah dingo ning pelawak sing dimotori dening Kholik, Kasino Warkop, sampe Cici Tegal sing asline Tapanuli. Unikke Basa Jawa sing makembang ning wilayah Pantura kien kih wis dadi ikon ning acara komedi, teater, film lan tembang sing disenengi akehe bangsa Indonesia.
Ning daerah Tegal, Banyumas, Brebes, Pemalang lan Slawi, senajan wis sue diwajibaken nggunakna materi ajaran basa jawa kayadene Solo, Yogya lan Semarang, tetep bae ora mai pengaruh gedhe maning kemampuan penduduke supaya bias mangguna basa Jawa sing sebenere. Salah sawijine conto pakembangan sing wis kasil dipayakna lakukan di kota-kota lain di sekitar Jawa Tengah, dan Jawa Timur. Artinya dialek mereka tetap saja setia dengan bahasa ibu-nya yang khas medok, ngapak bahkan ada kencenderungan semakin ke kulon bahasa jawa pantura semakin variatif. Kalau dicermati sungguh-sungguh, dialeknya juga semakin memperkaya nilai-nilai spiritual dalam kehidupan berbangsa..
Demikian juga yang terjadi dengan bahasa ibu di masyarakat Kota Cirebon, Kabupaten Cirebon dan sebagian pinggiran masyarakat Kabupaten Kuningan. Tercatat pula di masyarakat yang ada di daerah perbatasan Brebes-Kuningan dan Cirebon-Kuningan. Bahasa Jawa di daerah perbatasan ini meski kosa katanya masih sangat dominan menggunakan Bahasa Jawa, sebagaimana yang diajarkan di Jawa Tengah dan Jawa Timur, masyarakat justru lebih terbiasa menyebut bahasa Cirebon, bukan lagi bahasa jawa Pantura dialek Cirebon.
Di Indramayu yang juga merupakan kota di ujung utara Cirebon, yang berbatasan dengan Kabupaten Subang dan Majalengka ini malah dikenal sebagai Bahasa Indramayu atau Bahasa Dermayon. Jika di daerah Cirebon, bahasa Jawa dik masyarakat Cirebon telah memperoleh pengaruh besar dari bahasa sunda, Sedang untuk daerah Indramayu bahasa Jawa Dermayon ini malah mampu dengan bebas masuk ke daerah pasundan melalui jalur pantura Pamanukan, Sukamandi, Cikampek hingga Krawang, Bekasi bahkan Jakarta dan Bogor. Pengaruh bahasa Indramayu juga telah mampu menerobos ke sekitar wilayah sunda lainnya sebagaimana yang berkembang di perbatasan Majalengka (Ampel dan Jatitujuh) serta di sekitar Kabupaten Cirebon yang dekat sekali dengan masyarakat pasundan.
Penjelaskan bahwa bahasa Cirebon*12 dan Indramayu adalah bentuk bahasa Sunda yang terpengaruh Bahasa Banten. sungguh jauh dari kebenaran. Pasalnya secara histori Indramayu sendiri mengalami perkembangan sebagai daerah yang sejak lama memperoleh kemajuan peradaban Jawa.

*12--Bahasa Cirebon uga mai pengaruh ning basa Jawa Banten. Iku dibuktikaken ana ning tingkatan Basa Banten Standar uga ning tingkatan alus (basa Bebasan Jawa Banten). Konon asal muasale Krajaan Banten uga memang sing laskar gabungan Cirebon-Demak sing akhire kasil ngrebut wilayah lor Krajaan Pajajaran.


Ning buku “Babad Tanah Jawi” dijelasna yen R. Indrajaya diutus ning kerajaan Majapahit nggo njaga Pulo Jawa, genae ning muara Cimanuk. Uga WS. Rendra sewaktune balik sing Belanda pengalamane ditulis HU Republika minggu kawitan Januari 2005. Njelasna yen kerajaan pertama ning nuswantara iku Manukrawa ning Muara Kali Cimanuk, dudu Kutai. Rajane Prabu Welut Braja. Ndueni tahta seantarae abad 3-4 M. “Manuk Rawa” berabad-abad dadi pusat perdagangan lan kabudayaan, sedurunge ana Sunda Kelapa lan Cirebon. Iku sebabe Rendra nyaranaken pemerintah ngutus ahli sejarah guna neliti muara Cimanuk ning Indramayu. Nanging sampe sekien langka relisasine. Kayanemah mbokatan weru sing bengen akeh kandungan lengane. Wedi bokat rakyate demo, njaluk imbangan ekonomi. Krana wis atusan taun dibebodo. Akibate rayate sekien mung dadi babu TKW.
Konon Manukrawa sajaman karo krajaan Bumi Segandu lan Galuh Purwa ning Pasundan. Ana maning sing njelasaken yen ning catetan Tom Pyres uga ketulis Indramayu pernah dadi kota pelabuhan gedhe ning sewaktune jaman emas Krajaan Majapahit. Pelabuhan kuen kepanjing wilayah tilik sandine Majapahit nggo ngawas-awasi Pajajaran. Buktine R. Indrajaya ana ning Indramayu, akeh aran desa sing pada karo ning Majapahit, Ning Jatim ana Mojokerto sing ndue api alam. Ning Indramayu ana Majakerta sing api alame parek karo Kilang Minyak Pertamina UP VI Balogan. Malahan gah arsitektur umah masyarakat Indramayu luwih pada karo wong Jawa timur ketimbang Cirebon lan yogya.
Mengkonon uga ning sajrone olah basa, masyarakat Indramayu ndueni kekhasan dewek dibanding basa Cirebon*13, Yogya, Solo lan basa Jawa umume. Sing bengen sampe sekien basa Indramayu dadi basa komunikasi beda karo basa sing dadi dialog ning panggung sandiwara. Ning Panggung Sandiwara, awit arane Tunil nggunakna tembung an misale; an-dadar, an-nyawang, an-dheleng sing kepanjing basa prajurit jaman kraton Majapahit. Ana campuran basa Jawa lan basa Jawa Kawi (kuno). Mulane sampe sekien ning Indramayu ana tembung Sira, Reang, Bobad, Kita, Sun, isun, pada karo basane masyarakat Majapahit utawa Jawa Timur.
Krana sing sisi geografis Indramayu parek karo Cirebon*14. Lan sing luwih cepet mangembang wilayahe uga Cirebon. Cirebon gelis dadi kota metropolis, pusat kebudayaan, due patilasan kraton. Ditambah tambah basa Indramayu maune dipengaruhi Basa Jawa sing digawa guru dropingan asal Solo lan Yogyakarta ning taun 60-70, Akhire bagen kayang konon gah kudu nrima dadi bagian Basa Cirebon*13-14 sing wis olih pengakuan dening pemerintah Jawa Barat lan pusat bahasa.
*13—Ning sadina-dinane basa Cirebon kebagi dadi rong tingkatan, yaiku tingkatan basa Cirebon standar (Basa Bagongan Cirebon) lan tingkatan sing alus (basa Bebasan Cirebon). Ari ning Indramayu, basa Dermayon uga ndueni rong tingkatan yaitu basa Dermayon ngoko lan basa Dermayon tingkatan alus sing pun dikenal istilae besiken.atawa bebasan
*14—sing hasil penelitian nggunana kuesioner minangkane indikator sing bisa mbadingaken kosakata anggota tubuh lan budaya dasar (makan, minum, lan sejene) nganggp landasan metode Guiter; Nodokaken sing nbedakna kosa kata basa Cirebon karo basa Jawa ning Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta sampe akehe 75 persen. Samentawis perbedaan basa Cirebon karo dialek basa Jawa, ning Jawa Timur sampe tekang 76 persen.[1] PAdahal nganggo standar pengakuan minangka dadi salah sijining basa sing berdiri sendiri, Saora-orane suatu basa mbutuhna kurang luwie 80% pembeda karo basa sing berkembang ning daerah sing [paling parek.
Dheleng data kuen kuh kita dadi takon pinakon. Lamun bener wis dadi dadi basane dheweki, knapa huruf sing digunakna ning pengajarane malah dudu hurupe dhewek. Kenyataane senajan ana basa Sunda, Banten lan sekien ana Basa Cirebon*15-Indramayu kabehe nggunakna aksara Jawa. Sing wis kawentar sajagat buana monine; ha-na-ca-ra-ka-da-ta-sa-wa-la, pa-dha-ja-ya-nya-ma-ga-ba-tha-nga. Wis kayang konon kuh enataane mung cuman basa Sunda sing beda adoh karo Basa Jawa. Ning bab tembung, ucap uga dialek lan logate. Mengkonon uga sewaktune ganti adegan sewaktune pementasan wayang golek sunda mbuh wayang kulit sunda, tetap bae suluk-ke nganggo Tembang suluk basa Jawa.
Balik maning nyoal pakembangan basa jawa ning pantura Tegal-Indramayu sing saiki pada dilirik krana akeh metune karya sastra sing wujude geguritan lan tembang sing diwartakna ngliwati jagat maya (-internet) minangka sing lagi subur makembang perkembangan basa jawa dialek pantura sig ndueni kekhasan dewek, ning bab ucapan lisan uga sing sisi lagu lan iramane. Nuansa khas basa Tegal lan Indramayu selanjute diwernani awit dekade lagu-lagu dangdut Tarling era bredare kaset lan sekien luwin maju maning sawise ana era CD dan DVD, lan sekien MP3 dan MP4.
Lagu-lagu Tarling dangdut basa Indramayu lan Cirebon kuh wis mrajalela dadi konsumsi masyarakat Indonesia karo nggunakeken jalur edar bajakan CD lan cukule era musik panggung bebas ning masyarakat ketimbang era seniman sukses marani kota Jakarta, sing awit matine pertumbuhan musik dangdut di layar TV diganti dening ramene panggung dangdut ning masyarakat utamane ning pantura Jawa Timur sing wis kasil ngangkat artis Inul Daratista sing panggung desa-meng desa nuju panggung besar papan duwur artis nasional. Inul uga sering nggunakna lagu basa Jawa kaya dene “prau layar”, “Anoman Obong”, “Alun-alun Ngajuk”, “Bojoku Nakal”, lan uga lagu-lagu Dermayonan kaya dene “Kucing Garong”, “Tetep Demen”, “Mujaer mundur”, lan “Lanage Jagat” .
Ning Indramayu lan Cirebon, uga dikenal artis dangdut tarling Aas Rolani, Dede S, Nunung Alvi, Dunyawati, lan Dewi Kirana, artis kuwen kuh berhasil nembus blantika music dangdut papan atas. Ketenaraen minangkane artis panggung ora krasa uga melu berjuang nguri-uri pakembangan lagu-lagu basa jawa dialek Indramayu nganggo lagu-lagu dangdut tarling sing syairnya akeh nyindiri sindiran lan dhueni senggolan sng pas karo kondisi masyarakat dunia.

*15—Senajana secara kajian Linguistik sampe sekien nyatakna basa Cirebon ”mung” Cuma dialek (Krana hasil Penelitian Guiter nyebutaken kudu nduweni pembeda sing akehe 80% sing Basa kang pareke), namun sampe sekien Peraturan Daerah Provinsi Jawa Barat Nomor 5 Tahun 2003 masih tetep ngakui basa Cirebon, minangkane basa lan dudu Cuma sebates dialek. Istilae , sampe sekien during ana revisi lan during ana perubahan stategis nganggo PERDA kang wis kadung dilairna. Menurut Kepala Balai Bahasa ning Bandung Muh. Abdul Khak, hal sing kaya mengkono kuh jarene sah-sah bae, Krana Perda merupakan kajian politik susu kajian bahasa atawa kajian budaya..Ning snjrone jagat kebasaan miturute Abdul khak, Siji basa bias diakui atas dasar telung hal;. Pertama, basa atas dasar pengakuan dening penuture, kepindo, atas dasar politik, lan ping telune atas dasar Linguistik.


Tiliken bae lagu “Mabok Bae” minangkane cerminan kondisi mabok ning masyarakat sosial bangsa kita. Karo “Kucing Garong” sing nyimbolaken para koruptor sing tamak lan rakus. Sekien lagu “Nasib TKI”, “Di usir Laki”, uga syair-syair selingkuh sing wis dadi teks bebas ning tembang masyarakat Indramayu-Cirebon. Jujur bae lagune senajan kaya rempeyek slalu ngungkapna prubahan prilaku sosial politik*16 masyarakate.
Ning Tegal sejene dimanfaataken nganggo makarya sastra, panggung-panggung keliling sing desa marani desa, kantor marani kantor dilakoni nggo merjuangaken tanpa wates dening para pelaku budaya lan pelestari basa jawa pantura dialek Tegal. Kabeane nyiiptakaken lagu lan disosialisasi ning salah sijine genah marani genah sejene kang tujuane mangibur. Krana wis kadung dadi basa jawa sing dikenal dialeke khas lan lucu. Dikuatna maning dening pelawak Indonesia sing seringe ngunakna dialek Tegal ning sewaktune munculna dialog sing seger. Mulane lagu-lagu dangdut uga populer basa Tegal kabeh ndhueni nafas komedi satir sing slalu nyindir nyoal parkembangan sosial ekonomi ning masyarakat sing dibungkus guneman lucu.
Senajana masih ana wujud kang sederhana lan dipersoalaken dening kalangan masyarakat sekitare, nasibe lagu-lagu basa dialek Tegal bisa dipastikena bakal ngalami mangsa kejayan, kayadene tembang Tarling Indramayu lan Cirebon. Persoalane Tegal ya ndueni kekuatan jaringan perdagangan. Mengkonon gah lamun gelem ngunakna tukang dagang sega Warung Tegal sing ana ning pirang-pirang kota ning Indonesia. Seumpamane pemasaran lagu-lagu kuen kuh nggunakna jalur warteg, pasti bae kaya dene lagu-lagu Tarling, lagu basa jawa pantura dialek Tegal sing dimotori dening Hadi Utomo, Dimas Riyanto, Nurngudiono, Lanang Setiawan, Imam Klonengan lan Agus Riyanto iku, uga bakal cepet kawentar menasional ning waktu sing ora bakal sue maning.
Simak bae lagune kaya dene “Mang Draup”, “Tragedi Jatilawang”, “Kali Gung,” “Alun-alun tegal”, “Galawi,’ lan “Ponggol Setan” kien ;
“Dina sabtu maleme minggu, Aku metu mlaku-mlaku, Dandane necis nganggo sepatu, Mbokan ana sing naksir yanu./ Kloyang-kloyong, Mlaku ngetan, Mlebu taman poci tegal. Sesek ngurek, Rame ora karuan, Wong sing mlaku, pada sol-solan
Reff.
Nongkrong ning warung warung lesehan, Sing dipangan ponggol setan
Medang poci pacetane bakwan, Barang pan bayar dompete kecopetan
Wetenge wareg ambekan sesek, Dikon mbayar dadi kemringet,
Ponggol setan wis kadung dieleg, Nanggung utang dipatak uleg-uleg,”
*16--Basa nggo dasar politik, conto sejene bisa dideleng sing sejarah basa Indonesia. Basa Indonesia sing sebenere ndueni akar sing basa Melayu, sekudune diarani basa Melayu dialek Indonesia. Nanging karo dasar kepentingan politik, akhirne basa Melayu sing wis makembang ning Indonesia –Akhire dadi keputusan pemerintah– dadi aran lan diklaim minagkane basa Indonesia.Sejene alesan politik, pengakuan basa jawa dialek Cirebon dadi basa Cirebon uga bisa dideleng sing wates wilayah geografis ning jero Perda. Abdul Khak nyebutaken basa Cirebon kasebut dialek yen dideleng secara nasional karo nglibataken basa Jawa. Artinya, saat Perda digawe mung ana ning lingkup Jabar, Cirebon pancen ora ndueni pembanding sing kuwatkaya dene basa Jawa. Apamaning yen dibandingna karo basa Melayu Betawi lan Sunda, Cirebon memang beda.
Luwih beda maning karo pangembangan lagu-lagu basa jawa sing diproduksi seniman ning Yogya, Solo, Semarang, Malang lan Surabaya. Lagu-lagu jawa ning telung wilayah provinsi kien kih diakui mbuh beli lagi ngalami kemunduran. Senajan potensi dagang lagu basa Jawa ning wilayah “gedhe” kien kuh ndueni potensi. Padahal lahan nganggo promosi tembang utawa lagu basa jawa kuen kuh bisa karo group campur sari, Orkes Melayu atawa group dangdut koplo, Group wayang lan ketoprak sing marak dadi srana hiburan. Kemunduran kien kudu diakui krana tukang nyipta lagu lan pelestari basa jawa ning telung provinsi kuen kuh masih pemali nrima sumbangsih lagu sing kalangan kreator masyarakat biasa. Artine ora gelem nrima lagu-lagu ciptaane rakyat jelata. Padahal kenyataane justru pencipta sing kalangan wong sing dudu akademik lan masyarakat jaba kraton iku sing senajana dudu seniman atawa dalang, luwih peka ngadepi kondisi sosial lan politik negeri jaman sekien.
Kayadene para pencipta lagu jawa pantura ning Indramayu, lan Cirebon. Sing akehe dikarang dening wong lanang sing ditinggal lunga rabine dadi TKW lan kaum wanodya sing akehe lunga mranto meng jaba kota. Para penyumbang naskah cerita, lagu lan tembang uga akeh sing profesi sadina-dinane dadi tukang ojeg, tukang becak, lan supir angkot. Lamun deweke due lagu bagus, pihak produser rekaman pasti bae nrima. Malahan dening koordinator seni sing dipercaya masyarakat pencipta lagu-lagu basa jawa pantura Cirebon*17-Indramayu iku yen lagune pan ditempeli aran pengarange, lagune diregani Rp25-50 ribu. Nanging yen arep didol bebasan (adol ucul-red) pencipta lagu bisa olih duit perlagu mulai Rp 100-250 ewu. Contohe bae lagu sing wis tek tembangana ning kita mau, penciptane ya ora pernah disebut-sebut. Beda maning karo lagu ning jawa tengah lan Jawa Timur. Sewaktune ana lagu anyar, pasti sing ditakoni “karyane sapa?”, “Lagune sapa?”. Kang mengkenen kih ora pernah ana ning Indramayu lan Cirebon. Kacuali pitakonane kayang kenen; “ Wulan kien kih lagu apa ya, sing paling top ning radio lan TV swasta?
Persoalan kurang berhasile lagu basa jawa sejene ning Indramayu karo Cirebon, iku krana masih ana dikotomi seniman lan sing dudu seniman. Mengkonon uga ning Tegal. Para pecipta lagu ning Tegal sing akeh ya seniman lan pemerhati basa dialek Tegal, sing notabenene uga intelektual. Akibate ora eran yen ning jaman bengen kuh Ki Narto Sabdo sesantere nyiptakena lagu-lagu karo ngupayani supaya karyane kuen kuh dhueni ciri khas dewek, lan bisa dadi lagu sing langgeng sedawane zaman. Beda karo jaman sekien. Sing penting laris manis soal langgeng lan beline kuenkuh soal nasib bae,”
*17—Sing akeh kosa kata asli sing basa kien kih ora dueni padanan karo basa Jawa standar (Surakarta/Yogyakarta) dideleng sing sisi morfologi atawa fonetik. Pancene basa Cirebon sing digunakna ning Cirebon karo Indramayu kuh senajana kepanjing basa Jawa, nduweni pembeda kang cukup akeh karo “basa Jawa baku”, yaiku basa sing diajarna ning sekolah-sekolah sing nyekel patokan kenceng meng basa Jawa Solo. Mulane mengkonon, sedurunge taun 1970-an, buku-buku pelajaran sing Solo ora bias digunakna sebabe terlalu angel dipahami bocah sekolah(lan mungkin bae uga gurune). Awit taun 1970-an, buku pelajaran kuen kuh diganti karo buku pelajaran basa Sunda sing dianggep luwih gampang dimengerti krana sing nganggo basa Sunda “luwih parek”. Ning kenyataane kebijaksanaan kuen kuh ora bias tepat sahingga ndongol gerakan sing ngusulna ngganti karo buku basa sing digunakna ning wilayah kue dewek, yaiku basa Jawa dialek Cirebon.
Ning intine Didi Kempot Sing sing asale Yogya kuen kuh rumangsa persaingan pasar lan produktifitas seniman sing nyiptakna lagu ning Jawa Tengah uga Jawa Timur ngalami kemunduran, deweke ora asa-asa marani Cirebon lan Indramayu. Sekien Didi Kempot wis ngasilaken kolaborasi ning album lagu campursari sing diramu apik karo musik Tarling Cirebon-Indramayu. Hasile tentu bae ndukung majune basa Jawa. Satemene Basa Jawa ning mata nasional lan jagat Internasional kepandeng bagus pankembangane. Rasakna lagu kien. Didi Kempot duet bareng karo Nunung Alvi asal Cirebon. Kien lagune: Jambu Alas
A: “Kelingan manis eseme, Trus kelingan ramah gemuyune
A: Tresno lan kasih, Kasih sayange, Kapan aku keakon dadi bojone
A: Sayange wis nduwe bojo, Nanging aku, aku wis kadung tresno
A: Nelongso rasane ngati, Yen, aku ra ,klakon melu nduweni
Reff.
A: Jambu alas kulite ijo, sing digagas wis due bojo
A: Ada gula ada semut durung rondo ojo direbut
B: Sumpah ning batin yen kula bli dadi kawin
Tekade ngati ora bakal luruh ganti
B: Sumpah wis janji arep sehidup semati
Seneng lan sedih bareng-bareng dilakoni
A: Jambu alas ndo manis rasane, senajan tilas tak enteni rondone
A: Kelingan manis eseme, trus kelingan lamun gemuyune
A: Tresno lan kasih, Kasih sayange, Karep atiku klakon dadi bojone.”
Sing kene kedeleng nambah jelas wele-welean anggone maknani basa masyarakat pantura sing ning kalangan intelektual lan ahli basa Jawa awale kepetung pinggiran, ning kenyataane pangembangane malah mai sumbangsih gedhe, nganggo pentinge basa Jawa. syair lan tembang tarling dangdut sing dikolaborasi nggo laras gamelan campursari kayadhene sing digawakna Mas Didi Kempot lan Mbak Nunung Alvi mau, senajan buket karo tembung unduhan O, nanging bisa ketemu lan manis ning kolaborasi musike. Mengkonon uga ngamati makarya sastra geguritan basa jawa pantura dialek Tegal, Indramayu, Cirebon lan Kota Cirebon*19, terus nambah rame lan nyenengaken. Minangka bagian sing basa jawa pantura ning pangembangane. Nganggo ngamati masalah kuen kuh tamtu bae kudu gelem nguculna segala macem egosentris lan kepentingan politik sejene.
*19—Ning taun 2010 dedasare survei persepsi kota-kota ning sekabeh wilayah Indonesia sening Transparency International Indonesia (TII), kota kien kih kepanjing kota terkorup ning Indonesia. Soal kien kih bias dideleng sing Indeks Persepsi Korupsi Indonesia (IPK-Indonesia) 2010 sing kepanjing pengukuran tingkat korupsi pemerintah daerah ning Indonesia, kota Cirebon olih biji sing IPK gedene 3.61, karo rentang indeks 0 sampe 10. Yen 0 artine dipersepsikna paling korup. Lah yen angka 10 dianggep paling bersih. Total responden sing diwawancarai sajrone survei sing diuji antarane wulan Mei lan Oktober 2010 jumblae 9237 responden. Ning antarane suara sing pelaku bisnis.Ning pembagian administrasi pemerintahane, Kota Cirebon kuh ndueni 5 daerah kecamatan (Harjamukti, Kejaksan, Kesambi, Lemahwungkuk lan Pekalipan), 22 Kelurahan, 247 Rukun Warga (RW) uga 1.352 Rukun Tetangga (RT).

Kosakata
Akehe tembung sing asli ning basa Jawa logat pantura Cirebon Dermayon puniki mboten nggadahi padanan karo basa Jawa standar (Surakarta/Yogyakarta) ditilik sing sisi morfologi atawa fonetik. Memang basa Cirebon sing diengggo ning Cirebon lan Indramayu iku senajan kepanjing basa Jawa, ndueni pembeda sing cukup gedhe karo “basa Jawa baku”, yaiku basa sing diajarna ning sekolah-sekolah sing nganggo patokan nganggo basa Jawa Solo. Mulane awit taun 1970-an, buku-buku pelajaran sing Solo ora bisa dinggo, sebabe ora dienggo kuh krana luwih angel nganggo diajarna ning murid-murid (lan kayane uga gurune). Mulane ning taun 1970-an, buku pelajaran kuen kuh diganti karo buku pelajaran basa Sunda sing dianggep luwih gampang dipahami. Alesanne sing nggunakna basa Sunda ning Jawa Barat “luih parek”. Nanging ning kenyataane kebijaksanaan pemrentah Jabar kuen kuh ora tepat. Akhire muncul gerakan nggo ngganteni karo buku nganggo basa sing digunakna ning wilayahe, basa Jawa dialek Cirebon-Dermayon. Padahal basa Cirebon, Indramayu, Tegal, banyumas uga Jawa Timur yen pada bebasan atawa kromo, ya persis Basa Jawa.
Mangga ditutup makalah kien nganggo tembang sing populer ning masyarakat Indonesia. Yen diamati lagu kien kuh uga njukut suksese lagu-lagu basa jawa pantura Cirebon-Dermayon. Amati bae lagu sing digawakna Ayu Ting Ting*21 “Alamat Palsu”’.
Ning endi, ning endi, ning endi, sun arep nggoleti ning endi/demenan sing tak tresnani,/ ora ngarti sangkan parane.wis sue bli teka ning umah,/ ning endi, ning endi, ning endi, menenge sekien ning endi.
reff.
. Mrana merene gegawa alamat, / tapi sing tak temoni dudu deweke,/ sayang, sing tek trima alamat palsu./ Tak takoni batur-bature,/ tapi ngomonge pada ora weruh,/ sayang, kayane kula wis ketipu,/ nggawe sun kelayu kelaralara./ Ning endi, ning endi, ning endi… menenge sekien ning endi.
Reff/ mrana merene gegawa alamat,/ nanging sing tak temoni dudu deweke, / sayang sing tek trima alamat palsu./ tak takoni batur-bature. / tapi ngomonge pada ora weruh
sayang, kayane kula wis ketipu./ nggawe isun kelayu kelaralara./ ning endi, ning endi, ning endi, sun kudu ngolati ning endi. kekasih sing tak tresnani ora ngarti sankan parane
wis sue bli teka ning umah,/ ning endi, ning endi, ning endi, menenge sekien ning endi”.
(alih basa Dermayon – Cirebon dening Ki Tapa Kelana/Nurochman Sudibyo YS )
*.Penulis pengamat seni budaya lan penggurit ning Pantura asal Indramayu. Sekien umae ning Tegal HP. 087828983673 -085224507144.
*20--H.Abdul Adjib iku pendiri group tarling Putra Sangkala. Dikenal uga minangka pencipta lagu Warung Pojok lan Drama Tarling “Baridin-Suratminah” atawa kemat Jaran Guyang lan “‘Martabakrun” sing wis melegenda.
*21—Ayu Ting Ting, iku artis anyar ning blantika musik dangdut, sing muncul ngawakna lagu hit “Alamat Palsu”. Kala akhir September lan permulaan Oktober 2011 wingi. Deweke diblou up media massa sebabe suarane sing khas lan penampilane sing sederhana ora kake’en goyang sing aneh, mung edeg-edeg bawune, karo ora nonjolaken lekuk-lekuk erotisme. Malahan gah klambi lan dandanane kuh ora seronok lan sexi kaya dene penyanyi liyane. Deweke bisa dipadakna gayane artis dangdut jaman Rita Sugiarto lan Evi Tamala ning dekade taun 80-90 an sing luwih penting nonjolaken suara tenimbang bodi seksi.

Sekilas sejarah Cirebon.
*18—miturut manuskrip Purwaka Caruban Nagari, waktune abad 15 ning kisik lor Laut Jawa ana salahsawijineng desa nelayan cilik kang arane Muara Jati. Ning waktu semono wis akeh kapal asing sing teka usaha dagang karo wong-wong ning kono. Pengurus pelabuhane yaiku Ki Gedeng Alang-Alang sing ditugasi dening penguasa Kerajaan Galuh (Pajajaran). Lan ning pelabuhan kien gah kala semono uga terlihat aktivitas Islam semakin berkembang. Ki Gedeng Alang-Alang mindahna kampung nelayan kuen maning pemukiman anyar ning Lemahwungkuk, 5 km arahe ngidul maharani gegunung mareki kerajaan Galuh. Minangkane kepala kampong sing anyar dipunangkat Ki Gedeng Alang-Alang nyekel gelar ki Kuwu Cerbon.

Ning pangembangan selanjute, Pangeran Walangsungsang, putra Prabu Siliwangi diangkat dadi Adipati Cirebon nyekel Gelar Cakrabumi. Pangeran kien kih sing ngadegna Kerajaan Cirebon, diwiwiti karo tindakan ora ngirimaken upeti man9ing Raja Galuh. Mulane iku Raja Galuh ngirimna bala tentara meng Cirebon nganggo nundukkna Adipati Cirebon, kenyataane Adipati Cirebon luwih kuat tenimbang pasukane Raja Galuh sahingga deweke sing dadi pemenang.

Kayang konon iku sejarae krajaan anyar ning Cirebon Rajane ndueni gelar Cakrabuana. Ngadege krajaan Cirebon dadi tanda awale Krajaan Islam Cirebon lan mulai eksise pelabuhan Muara Jati sing aktivitase makembang sampei kawasan Asia Tenggara. Toli ning tanggal 7 Januari 1681 Cirebon secara politik lan ekonomi ana ning pengawasan pihak VOC, sawise penguasa Cirebon waktu kuen nandatangani perjanjian karo phak VOC.

Ning mangsa kolonial pemerintah Hindia Belanda, taun 1906 Cirebon disahna dadi Gemeente Cheribon sing luase 1.100 ha lan jumlah penduduke 20.000 jiwa (Stlb. 1906 No. 122 dan Stlb. 1926 No. 370). Selanjute ning taun 1942, Kota Cirebon diambbani maning dadi 2.450 ha lan taun 1957 status pemrentahane dadi Kotapraja sing ambane 3.300 ha, sawise ditetepaken dadi Kotamadya ning taun 1965 ambane wilayahnya dadi 3.600 ha.

Sawise ndueni status Gemeente Cirebon ning taun 1906, kota kien kih nembe dipimpin dening Burgermeester (walikota) yaiku ning taun 1920. Walikota pertamane yaiku J.H. Johan. Dilanjutna dening R.A. Scotman ning taun 1925. Pada waktu taun 1926 Gemeente Cirebon ditingkatna statuse dening pemerintah Hindia-Belanda dadi stadgemeente, manjing daerah otonomi sing luwih amba nganggo ngatur pakembangan kotane. Selanjute ning taun 1928 kepilih J.M. van Oostrom Soede minangkane walikotane.

Ning mangsa pendudukan tentara Jepang , didadekna Asikin Nataatmaja minangkane Shitjo (walikota) seng pemrentah antara taun 1942-1943. Selanjute dipimpin Muhiran Suria sampe taun 1949, sedurunge diganti dening Prinata Kusuma. Sawise proklamasi kemerdekaan Indonesia, pemrentah Kota Cirebon ngupayakna ngubah citra Kota Cirebon sing wis kebentuk ning mangsa kolonial Belanda karo simbol lan identitas kota kang anyar, beda karo sedurunge. kota kien kih dikenal karo semboyane per aspera ad astra (sing jagat eri lan endut marani lintang), diganti karo motto sing dienggo sampe dina kien yaiku sun titip tajug lan wong miskin. (asale sing akeh sumber)

Komentar