Geguritan Nurochman Sudibyo YS (Ki Tapa Kelana) tahun 2009 - 2011

Waduk Bojong
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Ning genah sing angker kayang kenen ana tlaga
kang diarani waduk bojong. Ndeleng akeh uwong
dekene sapa ademe banyu sing bersih lan ngangeni
sementara kita malah isin deleng kecopok iwak
sing kadang jrenggosok kaya sologan betok
tak waneni dodok meneng anteng kaya watu
karo mandeng wong-wong pada slorokan ning water boom
kaya dene mandeng raksaksa sing medeni kaya geni
mulad-mulad mbakar ati kaya kesarad

Semestine sira teka ning wayah esuk, sawise ayam jago kukuluruk
sewaktune iwak-iwak dolanan pucukeng lung kangkung
kesurung ombak rincik cilik-cilik, gawe ati becik
ingeta aja sampe ngganggu kahanan endah sing ana
sebab yen dampe kepancing bakal mateni cacing
ingeta kien kih wilayah suci sing sekudune bebas merdeka

Sebabe buyut awit bengen durung pernah netesi getih abang
apamaning iwak-iwak sing ngrumpul sapinggireng waduk mulai klalen ning wayah esuk. Sing diumbar mung suwara tanpa rupa karo tetembangan
tangis perih batin sing nemoni isin. Kadang ngundag-undang manuk
sing pating sliwer wulune gondrong dengak sombong
tapi sepisan pindo nyawang tumekaning bokong
kaya manuk dara sing kelara-lara, kaya kepudang sing siadang-adang
kaya jalak sing pating kreak, kaya emprit sing pating jerit
wis tekang endi mbangun tlaga atawa waduk bojong, karo wong-wong
negesaken keayeman rasa bebarengan, ana ning genah sing adoh,
padahal parek karo kota lan segara. Banyu mata nambah kekaca.

Desember 2009


Pring Pethuk Ngundang Sriti
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Bismillahirochmanirochim,
pring, pring, pring wit selapang mlangkring manjing godong garing
bung, bung, bung trubuse rebung ambang ambung. Uripe mung seneng
dirabang rubung. pring pethuk jiwa pemingpin sing gelem pethuk
weru ning blenake rakyat, weru ning sengsarane rakyat, weru ning bakal sugie
pring pethuk mustikane oli asrak usruk, anak-putu tumeka ning waktu mbesuk
ngindari kedadian negeri sing bakale ambruk, gage temokaken pring pethuk
senajan mung bisane antak-untuk, nanging gawe batur pada wathuk.
pring pethuk, sing seringa pada pethuk, padha rujuk
aja doyan jalak-jaluk, mumpung umur durung tumeka ning esuk
pring pethuk pilihan siji ning antarane pring apus
kuat-kuate ning pring, bagus-baguse ning pring
nanging ana sing luwih bagus timbangane mung sa pring pringe
pring pethuk tumpal ketemu tumpal, bonggol ketemu bonggol
nanging ora salaras, nyungsang, ketemu mata kesawang
pethuk gumethuk bongkot karo pucuk, dadi mustikaneng pring
pilihan kamulyaning elmu, kasejatianeng dalan pekaya
puniki pring pethuk saged ngundang sriti
mustika sing diaji-aji. Gawe kumpul manuk dedali
sing bisa ngopeni sira sa-anak putune, sugih banda selawase
dadia pring pethuk, aja akeh jangak junguk
delengen jagat wis arep esuk, bengen mlarat, magan sega lawuh krupuk
kien sugih mlawa dunya mangan wareg, awak teteg, duit pasti gableg,
turu ning kasur kang empuk, blajara ning mustikane pring pethuk,
tulung dadia manusa kang ora kakeen jalak-jaluk
werua bapa tua wis taklak tukluk, geger wathuk, ngukluk, ngukluk
pengen dadi wong kang dijejuluk
padha deduea pring pethuk, aja sampe nunggu awak pada remuk
dadia pemimpin sing gelem pethuk karo rakyat,
utamane sing kepanjing bangsa petruk, gareng lan munyuk
milia pemimpin sing gelem gathuk, karo rakyat cilik lan fakir miskin
dadia pemimpin sing amanah, kaya dene mustikane pring pethuk
urip sedina, saesuk ngurip-uripi dalan kesampurnaan, nggo sangu mbesuk
Alhamdulillahirobil'allamin

Desember 2009.


BLAJAR MILIH
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Blajara milih mumpung lagi olih, satekane waktu Pemilu
aturane wis robah maning, priben carane kita kudu milih
kesukuran sampeyan wis pada olih hak milih
sebab bli saben wong ndueni, utamane sing umure 17 tahun,
Utawa wis pernah kawinan, kecatet petugas PPS yen olih nyontreng
kanggo sing durung due hak milih tontonen bae, Pemilu 2009
teka'a bae aja isin-isin. Yen gelem awasana dhalane Pemilu
sebabe lokate ana bae sing slibuk, bulit, dolanan suarane rakyat

Kanggo sing arep pada milih. Manfaattaken hak milih sampeyan sebab kien kesempatane , nganggo blajar demokrasi, sebabe Pemilu dudu bae sekedar basa-basi . Pilih-en calon wakil rakyat sing pancene mampu
lan sanggup mahami aspirasine rakyat, Pilih wakil-le sampeyan aja pandeng partai-e bae. sebabe sekien dudu jamane maning perang partai
kenalana calon sing arep den pilih, aja asal milih
krana dadi anggota DPR iku dudu arep dadi pegawe DPR
tapi nentukaken jabatan sing Terhormat minangkane wakile rakyat
yaiku wong sing bakal ngewakili kita ngganggo rembugan nyoal nasibeng rakyat. aja milih sing cantik yen klakuane kurang becik.

April 2009


NEGRI KELEM
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Krana tibaneng pangucap manungsa kang den umbar
ngaluwihi kuasane gusti
saiki kedeleng ning mata sekabeh jagat pada robah
menika angrupa tanda-tandaning jaman
bonggan sira ora njaga sakubenge alam
kedadiane bumi sewaktune ndeleng tetanduran
senajana ana udan, Ora ketulungan
ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan
pesisir laut kepinrut tambah sue tambah ciut
nyawang laut katone sewot, ombake gede gumebyar krasa abot
wong nandur bako langka sing dadi
malah mati kesiram bocoran lenga
delengen ning sira dalan banyu sapinggireng dermaga
durung pada dikeruki, Apamaning disenderi,
akhire dadi kalen buntu, tutupan watu
kali-kali pada mati, disumbat amarah emosi luru bati.
sekien delengen dalan-dalan manjing pedesaan
kaya ombak-ombakan. aspale pada kroak,
dadi balong cilik anjul-anjulan
delengen alas ning perbatesan kayane wis kake’en sing pada ilang
wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godonge
tiba di plataran bumi dadi siji capur lemah
nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk
sukma jalma manungsa, uga dhalane kita kabeh bisa ambekan
lumangkahe sira kabeh ora saimbang mulane mung bisa nembang
sakubenge langit kumananda lair tangis saben dina
saiki samya katon tingalen mawon
katah prau baita mangkrong-mangkrong nembusi langit
kajungjung benteng ketaton
puniki pratanda ning jaman
ilange godong pace, mampete dhalan birokrasi,
tugele jalinan silaturahmi, sing wonten mung prediksi,
korupsi pun dados tradisi, Kula tiyang alit mung saged nyakseni
tiyang sami dahar daging sedereke piayambek
Iku kula sedaya sampun samya nemoni, Negari puniki pun Keleb
praja ne kerem. Negari puniki pun kelem, kerem kebanjiran banyu mata.

2008


BAHTERA NUH
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Hey…..batur….batur….Sedulur …lan …..sobat sing masih percaya ning kita! pada kumpula. Kaweruana sun wingi bengi olih impen. Impene kita dudu impen sembarang impen. Kien impen sing tak yakini bakal kebukten. Sebabe Ora pada karo impen sejene. Batur…batur…! Rungokna ya…kien impene kita. Dudu impene wong kake’en turu. Dudu impene wong kepengen sugih atawa wong sing masih melik duyane tangga. Kien impen piwarah atawa pituduh si Allah, Masih iman lan islam karo Allah belih? Yen masih Iman lan Iksan ya kudu percaya ya ya…………apa ya.? Kala mau, Sewaktune kita lagi turu, selayapan, ketekan wong klambine putih, udeng-udenge putih, awake metu cahya. Pangucape adem, gawe tenang ning angen-angen. Kala semono dewekane kanda yen sun ditugasi mbangun kapal sing gede. Tapi anehe pada-pada nggawe kapal gede kon nggawene ning tempat sing paling duwur, sing umah lan bangunan apa bae. pendeke luwih duwur sing kahanan kota iki. Artine kudu luwih duwur posisine karo tempate rayat lan pejabat kabeh sing ana ning kota lan desa.
Sekien kita wis ana ning duwuran kotane sampeyan. Yeh….Paling duwur. Sun wis luwih sing 7 wulan ngewujudaken ipen kien. Sun saiki wis duwe prau gede momot nggo ditumpaki pirang ewu wong sing dewasa, balegh, wis kawin lan sing duweni pola pikir. Bocah cilik, karo wong tua sing wis doyok, sing bisane mung moyok, ora bakal tak trima numpak ning prau kien. Sekien kari delengen kapale kita kih kapal modern. Pepek kenang segala kebutuhane rakyat. Ruang Sidang, ruang pengaduan lan nggo rembug sebaturan ya ana. Pokokke kapale kita kih mewah tur endah lan pancene gawe betah. Eh sira sing kaya nyi blorong kedeleng pencap-pencep, ora percaya tah? Eh, sira moyoki kita edan, aja kayang konon nok! Seedan rong edan sira ngucap ning lambe. Apa ora wedi tah, yen bebalik ning sira, dadi edan temenan. Yen ,Ora percaya ya wis, kita sih ngajak sote, sing gelem, yen pancen masih percaya kuasane gusti Allah
sing masih mantep ning nuansane reformasi. Sing tekade negakaken kebenaran
sing ndukung gerakan anti korupsi, sing dueni komitmen karo wong cilik.
ari pribadi nira ora cocog, ya aja moyok. Kita sih arepan ngajak plesir ning wong sing gelem-gelem bae. Inyong ora lagi ngobral janji, ora mung ngajak nggimpi. ayo bae dibuktikna baka salah milih sing rugi sampean. Dadi rakyat bisane mung manglo. Angger dijak bener atine mingser. Wis aja keder-keder arepan milih mbuh beli, kita bli arep maksa. Kien prau arepan mangkat. Ya Allah, puniki sajroning prau pun sami kempal mangga dipun pasrahake teng kuasane gusti kang Maha Agung Lan Maha kaweruh. Dumadakan alam peteng dedet, udan gede bli mari-mari. Gledeg petir gawe atine pada kwatir. Banyu laut Ngangkat mengduwur. Prau gede mulai kambang. Negarine sampean sekien keleb banyu segara. Sun wis wanti ora bakal nulungi sira sing pancen milih sengsara. Muga slamet ning perjalanan tek tinggal kabeh sing masih nduweni kekotoran.

2008

Kiser Saedah - Saeni
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Kala mau jagat minangkala ana ing jaman karuhun
tepate atusan taun ning tlatar pantura, desane pinggir kali sewo
ning desa sukra. Ana salah sawijineng kaluarga
kang bakal nglairaken crita babad sengka awaling seni lan budaya
Sapeninggale mboke, saedah lan saeni urip dadi piatu
mang sarkawi sing dadi bapane rumaksana kepengen dueni batur
saumah lan nganggo ngopeni bocah loro mau
nari mbok maemunah si randa maesan. Kepirenga ning kala semono
nyi randa ayu, lan kemayu nggadai sifat kang nyilakani
syirik musrik, ala gandes ning prilakune
atine ora pada karo pangucape.Jare demen ning bapane lan bakal eman
ning sing dadi anak walone. Barang dirasakaken sawuan pindo
mulai nyi maemunah gawe tingkah, akeh jalukan lan alesan-alesan
sing gawe mang sarkawi ora bisa nolak. Apamaning rasa tresna
wis tuniba ngeket ning batine saedah saeni urip kekoyak-koyak
perih ning ati nampi ning waktune bocah loro sering pisan dilelara
kadang ora dipai mangan, kadang turu diperwasa
padahal bocah loro mau ora nduweni salah
ning batien saedah lan saeni ngereges ora mari-mari
sering pisan tetangisan, tapi ora wani wadul ning sing dadi bapane
soale pernah kedadian wara-wara, apaning ngalami kenang jahate
mimi maemunah, dumadakan bapane disewoti diarani abot sebelah
akhire serba salah ning sawijineng dina, rumasa abot
angone njalanaken urip kakaluargaan, maemunah mulai jejalukan.
ten mang sarkawi masih demen lan tresna. Jalukane
supaya bisa misahaken keruedan sing dirasakna
yaiku saedah lan saeni kon dibuang mbuh dipateni
ning tengah alas sing renggit, sedenge sing paling parek kala semono
sing ana ya alas sewo supaya ora ngalangalangi tresnane
lan kasih sayange wong loro, sarkawi Ngandel ning alesane maemunah
yen ora bisa urip mbagi kasilane mang sarkawi, sun mung bisa
nggo mangan wong loro, bae dadi lamun ana saedah lan saeni,
maemunah ora bisa mbagi ekonomi

2010

SI WUDEL BODONG
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Bismillahirrochmanirrohim
Sugeng rawuh pro priagung, puniki srana den siapi
Mugia ketampi. Raharja bagja tumuli
bayu, angin saking kulon, Tulung alon-alon
bayu, saking wetan, Aja gumagetan
rep rep sirep bayu saking kaler
aja samya kumalawer, Rep saking kidul
anak putu kumanjentul, Kelawan a muji syukur kaasihane gusti
ingkang pun paring rahmat, sarta hidayah
dumateng kula sedaya. Sumangga sareng mirsani

Ech lur,lur,lur dulur, kenalaken sun kih si wudel bodong
urip lagi dlapang-dlopong ndeleng laku lanpae menusa sing pada sombong
bli rumangsa cilik dibopong mati digotong
klalen yen jaman kih kaya tanduran tuwa sing wis pada growong
lamun asem, asem kopongan kih isun si wudel bodong

Kita kuh si wudel bodong, pengen mangan ndandak talang tolong
senajan weteng selalu kempong, sun emong gawe bohong
wajar bae yen sun modale bokong kadergah empane singkong
tangkrang tongkrong tangkrang tongkrong, ya isun si wudel bodong

Troktok ki dalang, muncul narasi :
sejarah nyatet menusa jaman kien seneng barang-barang sing bodong
motor, mobil, tivi, hend pond, lemah pekarangan, jabatan ech ya bodong
surat-surat tur adminis trasi jarene wis akeh sing bodong kenyataane
mending kita si wudel bodong, bagen puasa ngempong

Isun kih si wudel bodong, mangane sebuntel lontong
nginume langsung sing gentong
sedina-dina darang dorong

Ya isun si widel bodong. Kaya gedang sing lagi montong
wani ngadep sun tak jendong
ya isun si wudel bodong

2010

BIOGRAFI
*Nurochman Sudibyo YS.
Lair teng Tegal. 24 Januari 1963. Pun akrab gadhah nami sebatan Mas Dibyo utawi Mas Noer. Rutinitas sedinten-dintene teng wilayah Jurnalistik,, penelitian uga dados penggiat seni. Aktif mimpin lembaga Medium Sastra lan Budaya Indonesia. Kawentar uga dados penulis lan maos Kiseran, (Sastra tutur Dermayonan). Sederet Karyanipun mangrupa puisi, cerpen, catetan budaya lan esai ingkang ngangge basa Indonesia. Asring dipun muat teng kathah media awit taun 1990-an. Antawisipun teng koran mingguan Pikiran Rakyat Edisi Cirebon, saniki harian Mitra Dialog, Karina, Mitra Desa, Pikiran Rakyat, Bandung Pos, Hikmah, Suara Merdeka, Lampung Pos, Singgalang, Riau Pos, Kedaulatan Rakyat, Minggu Pagi, Solo Pos, Bernas, Surabaya Post, Bali Post, Bisnis Indonesia, Suara Pembaruan , Suara Karya, Ummi, Amanah, Republika, Media Indonesia, Suara Merdeka, Pelita lan Majalah Horison. Puisi-puisine kekumpul teng buku Kembang Pitung Werna (antologi Penyair Juntinyuat-1992), Kiser Pesisiran (antologi penyair Indramayu-1994), Di bawah Payung Langit (antologi pribadi 1993), Malam Gaduh (antologi pribadi 1995), Soliloqui (antologi Pribadi 1997, “Gerhana” antologi Pribadi 2000). Antologi Penyair Indonesia “Dari Negeri Poci” Th 1996, “GERBONG” Penyair Indonesia Modern Th.2000, Antologi Penyair Indonesia HUT Jakarta 1999, Antologi “Lahir dari masa depan” Tasikmalaya 2001. Antologi Penyair Indramayu “Dari Negeri Minyak” Th.2001, “Blarak Sengkle” (kumpulan geguritan 2007), Kumpulan Puisi Sastrawan Mitra Praja Utama “Tangga Menuju Langit” 2008, Antologi geguritan “Pangikat Serat Kawindra” (2010), Antologi “Perempuan Dengan Belati di Betisnya” Taman Budaya Jawa Tengah (2010). Antologi “Angkatan Kosong-kosong” Dewan Kesenian Kota Tegal 2011. Antologi "Negeri Cincin Api" HUT NU,Juni 2011. Antologi "Akulah MUSI" Pertemuan Penyair Nusantara V Palembang Juli 2011 Antologi 50 Penyair Indonesia “Kitab Radja-Ratoe Alit” 2011.Minangkane sastrawan piyambeke saniki mendel lan netep ning Slawi Kabupaten Tegal. Asring maos puisi/geguritan lan dados juri lomba maca puisi ninga kathah kota. Awit tahun 2010 sesarengan kaliyan Dyah Setyawati anggelar lakon puisi keliling manca lan kota-kota teng Indonesia, Piyambeke saged ngolaborasi ktgah unsur tradisi geguritan, tembang,suluk, wayangan lan tari, ngangge tajuk “Pangikat Serat Kawindra”, “Kupu Mabur Golet Entung”, “Kembang Suket”, lan “Nagari Corong Renteng”.penggurit lan dalang tutur puniki awit tahun 1990 dadhos Ketua Medium Sastra & Budaya Indonesia,. Alamat Griya: Dukuh Sabrang, Kec. Pangkah Slawi Kab. Tegal: Karya-katya geguritane pun kathah sing dipun muat teng majalah Panyebar Semangat lan Jaka Lodhang. Asring uga angsal uleman pentas dadhos pembicara budaya lan maos geguritan basa Jawa dialek Indramayu, kadhos teng Cirebon, Majalengka, Tegal, Purwokerto, Yogyakarta, Magelang, Bandung, Cilacap, Jakarta lan sanes-sanese. Piyambeke uga dipun kenal dadhos Dalang Tutur utawi Dalang Wayang gondrong. Mobile: HP. 085 2245 071 44 lan 087828983673. E-mail: nurochmansudibyoys@yahoo.co.id . Seniman, Budayawan, lan Pemerhati seni puniki kang uga gadhah nami Ki Tapa Kelana Utawi Ki Tunggu Wana, uga kerap angsal undangan dadhos nara sumber, pembicara, lan dalang kidung. Alamat Serat Medium Sastra & Budaya Indonesia: Jln. Jendral Sudirman No. 69 RT..01 RW I Kelurahan Lemahabang Indramayu Kota 45212., Jawa Barat. Web: http://gurit-dermayon.blogspot.com, www.kembangsuket..blogspot.com , www.tropong.com

Komentar