Gurit Dermayon - Cirebon Song For Solitude

Gurit basa Cirebon - Indramayu
dening: Nurochman Sudibyo YS (Ki Tapa Kelana)

Song For Solitude
:Kiser Baridin lan Suratminah


Sepragate tayuban ning pakebonan, godong garing pada murag netepi sakubenge embun. Sampe ayang-ayange kesingkep, srengenge ora gelem mandeg rumesep ning pori-pori ne bumi, geguris tapakane wong ayu. Bocah wadon sing jejogedan karo mlayu-mlayu. seantarne pedesaan sing diliwati ora mandeg-mandeg. Lumangkah ira marani petite pucuk arepan, sampenan ngliwati dedalan endut. Jejogedan luluran lemah gupak ning dampyang kaya kebo. Genah nenanduran sawah pancer ira duh prawan ayu. Ning gubuk atep ijuk, bleketepe, seantarane suket-suket gembel ning galengan sawah, sira ngaduk-aduk tresna dadi bantalane sepur.

Sampe lemah bumine kepedhek tapakan kebo. Di weluku sadina-dina, ditebari winih kinasihan ditawuri pupuk laler lan kotoran kewan. Sun demen mambune lemah sawah ira. Duh, Suratminah prawan sing kemayu. Sedepe dami bosok uga kebule batang pari sing murub kebakar tresna. Dadi sawiji karo sejatine swranira, Abane suling ngelik-elik ngusik alam kang wisik, pliak pliuk kaya awak ira sing nyemeguk. Saumpamane ani-ani sing ora mari-mari ngurubaken asmara katresnan ning lumbung sing kobar. Maneni seambane kebonan katresnan. Kaya dene patemone bapak Dam lan mbok Wangsih nguculaken kaiklasan. Sampe Baridin lemes dedes ning petitan ibat tirakatan. Plenggak-plenggok igal-igel mbuang sampur endahe jogedannira kerasa isyarat kang sepi. Dipecut ambekan sing dawa nanging swarane ora mari-mari nembang. Kepengen rasane gagian bisa nyulap awak ira dadi semilyar damar, supaya sun bisa melu kemerlob kayadene dalan-dalan sing dilayari karo tawuran slendang lan sepasang kembar mayang. Kembang mlati, kepatute ati kebek werna-werna sajen ati sanubari. Slalu bae tak buntel awakira karo semilyar werna. Sedenge isun klalat-klelet dewek ning kanvas jagat kefanaannira, karo terus mubeng-mubeng ngolat-olati sepi wingit diwacaknane Ajian Kemat Jaran Guyang ngusir amarah, sengit, dendam dan cinta. Minangka udan cahya ning Jagapura, dupa-dupa wewangen mambu lenga kesturi lan duyung nebar dadi denyar kubur sing kembar. 11052011.

Komentar