BASA JAWA NING PANTURA ORA KECATET NANGING TEMBANG LAN GEGURITANE NGRAMBAH NUSWANTARA Oleh : Nurochman Sudibyo YS

Nurochman Sudibyo YSPirang-pirang perkara pating drongol saniate kita kabeh gelem mlirik kemajuwane basa Jawa sing wis ngalami ganjelan ning upaya pangembangane. Salah sijine tuntutan Bahasa Jawa sing diprakarsai nganggo dadi basa ibu wis terus diupayakaken nganggo srana pembelajaran basa Jawa ning khasanah pendidikan. Senajan kaya kuen kuh, ning pinggiran kisik lor pulo Jawa, khususe ning daerah seantarane Kabupaten Pemalang, Kabupaten Tegal, Kota Tegal lan Kabupateb Brebes malah ngalami kemajuan sing signifikan. Ning antarane nambah subure pakembangan jagat sastra Jawa khususe puisi utawa geguritan. Padahal ning kenyataane Bahasa Jawa ning wilayah pinggiran kisik lor pulo Jawa kien kih, ora kecatet dening peta nyata pakembangan Basa Jawa, kaya dene ning tempat liane saantaraning Jawa Tengah lan Jawa Timur. Paling-paling yen ana sing gelem ngaku lan nrima ya mung karo gemuyu. Jarene yen basa jawa ning daerah kuwen kuh kepanjing basa udik,lan ngapak. Pancen basa Jawa ning daerah kulonan kien kih nganggo kalangan pendidikan dikenal dadi basa Jawa sing kepanjinge pinggiran. Saking pinggirane, krana latar geografis lan dialeke pancen medok malah justru dadi kekhasan daerah kuen dewek.

Kita kabeh wis sering ndeleng priben gambarane mata acara ning salah sijine stasiun TV swasta, contone Opera Van Java sing dimotori dening Parto, Azis, Sule, Juju lan batur-bature iku ora mung nonjolaken Basa Indonesia bae nanging uga seringe nyampur bauri dialogge nganggo Basa Jawa. Lan dialek Parto minangka sosok dalang ning acara kuwen, Contoe bae sing semestine nggunakaken logat khas basa Jawa ala Banyumas iku, malah milih logat basa Jawa dialek Tegal. Semono uga sing dilakokni pelawak sadurunge yaiku jamane kang Kholik, Kasino Warkop, sape ning Cici Tegal sing asline Batak utawa Tapanuli. Unike basa Jawa sing makembang ning wilayah Pantura Jawa iki wis awit bengen dadi ikon ning sajerone ungkapan basa ning sekabeh bangsa iki. Senajan kaya mengkonon, ning daerahe dewek contoe bae ning Tegal, Banyumas, Brebes, Pemalang lan Slawi senajana sing awit cilik dipai pelajaran Basa Jawa ning sekolae, nanging ora bisa mai pengaruh sing gedhe ning pakembangan bahasane dewek. Artine basa ibune ya basa jawa sing dilakoni sadina-dinane. Samentara basa sing diajaraken ning sekolah ya mung bisa dadi bahasa ajar lan pembelajaran ora kaya dene basa Jawa sing diajaraken lan digunakna sadina-dinane ning masyarakat kota-kota liane ning provinsi Jawa Tengah lan Jawa Timur. Artine dialek sing digunakaken dening masyarakat Pantura ya tetep bae setia karo basa ibune sing khas lan medok, ngapak sampe-sampe ana kecenderungan mangkin nambah meng ulon makin variatif dialek lan makin sugih kosakatane kekhasane.

Kaya mengkonon uga sing dialami dening basa ibu ning masyarakat Kota Cirebon, Kabupaten Cirebon lan sebagian masyarakat Kabupaten Kuningan sing ana ning sekitar perbatasan seantarane Brebes-Kuningan lan Cirebon-Kuningan. Bahasa Jawa ning daerah kien kih senajan kosa katane dominan nggunakaken basa Jawa kaya dene masyarakat Jawa Tengah lan Jawa Timur, nanging masyarakat sekitar daerah iku luwih yakin nyebutna basa sing digunakna sadina-dina iku basa Cirebon, dudu basa Jawa dialek Cirebon.

Kaya mengkonon uga basa sing digunakna ning masyarakat Indramayu, sing wilayae paling amba senajan kotane ana ning pucuk lor kota Cirebon lan kewatesan karo Kabupaten Subang lan Majalengka, iki malah luwih kawentar disebut basa Dermayu utawa Indramayu. Lamun ning daerah Cirebon, Bahasa Jawa nganggo masyarakat Cirebon wis ngalami pengaruh gedhe dening basa sunda, nganggo daerah Indramayu basa Jawa Dermayon kien kih malah luwih mampu ngrambah mlebu lan nrobos daerah pasundan ngliwati jalur pantura; Pamanukan, Sukamandi, Cikampek sampe ning Krawang, Bekasi, Jakarta lan Bogor. Pengaruh basa Indramayu uga wis mampu nrobos marani wilayah sunda sejen-sejene sampe ning wates kabupaten Majalengka lan daerah sekitare Kabupaten Cirebon sing luwih parek pisan karo masyarakat pasundane.

Semonone iku ning Situs Wikipedia diterangna yen basa Cirebon lan Indramayu kabentuk dening basa Sunda sing wis kena pengaruh gedhe basa Banten. Sesunggue ning kenyataane beda adoh karo sing sabener-benere. Soale secara histori (kesejarahan) ning Indramayu dewek wis ngalami pakembangan minangkane daerah pesisir sing jaman kuna makuna wis nduweni kemajuan dewek-dewek. Samlebune peradaban Jawa dening sebab daerah pesisir Indramayu kuwe pernah dadi kota pelabuhan ning jaman keemasan Kerajaan Majapahit (Babad Tanah Jawa-212) lan kecatet uga ning sejarah perjalanane Tom Pyres sewaktu nliti pulo Jawa. Buktine uga akeh genah-genah ning Indramayu sing nduweni aran padha karo daerah tempat-tempat penting liane ning Jawa Timur --sekitar kerajaan Majapahit. Misale bae ana daerah Mojokerto sing duwe geni alam ning Jawa Timur, ning Indramayu uga ana sing pada yaiku Desa Majakerta sapinggire Kilang Minyak Pertamina Balogan. Desa iku uga nduweni api alam utawa geni sing metu dewek sing jerone bumi, Mengkonon uga ana sumur widadari lan dongeng sing dipuja-puja ning masyarakat Dermayu kisah 7 widadari lan Joko Tarub. Yen ning Jawa Timur ditonjolaken sang Dewi Nawang Wulan adus ning jrogjogan bayu pegunungan ning Indramayu justru lagi adus ning sendang atawa sumur widadari ning desa Babadan Kecamatan Sindang Indramayu. Bukti liyane uga bisa kedeleng sing arsitektur bangunan umah lan carane masyarakat nenun uga mbatik ning pinggiran masyarakat Indramayu sing beda adoh karo gaya umah lan model jogloan masyarakat Cirebon sing gayane marek-mareki gaya demak lan mataram. Samentara arsitektur lan motif batik masyarakat Indramayu malah akeh sing pada karo gaya umah lan budayane masyarakat Jawa Timur.

Ning basa komunikasi, masyarakat Indramayu uga nduweni kekhasan dibanding basa Cirebon atawa basa Jawa sing ana ning Yogyakarta lan sekitar Jawa Tengah pada umume. Sing jaman bengen sampe saiki basa Indramayu sing digunakna dadi basa komunikasi sadina-dinane ora beda adoh karo basa sing dadi materi dialog ning panggung lakon sandiwara rakyat. Pangucape tokoh-tokoh saben dialog ning panggung sering nggunakna tambahan an semisal an-dadar, an-nyawang, an-dheleng, kuwen kan bukti yen basa sing pada uga digunakna dening para prajurit lan kesatria pejuang jaman kerajaan Majapahit. Ana kekentalan unsur basa Jawa lan basa Jawa Kawi (kuno). Contoe kaya dene tembung Sira, Reang, Bobad, Kita, Sun, pada karo basa wong Majapahit jaman kuna. (Konon sampe sirnane kerajaan Majapahit, masyarakat Indramayu kang den pimpin dening Raden Indrajaya lan pengikute para prajurit uga intelgen kerajaan sing setia ngawas-awasi perbatasan Pajajaran lan keslametan banda kayane wong pulo Jawa sing anceman bangsa asing, sing arep mboyong ngliwati jalur laut.

Senajan kaya mengkonon, krana secara geografis Indramayu perek karo daerah Cirebon lan pernah ngalami dadi daerah jajahan Cirebon ning Jaman Kompeni lan kesuwen ngalami hegemoni kekuasaan raja-raja Cirebon, pakembangan wilayah lan bahasane justru luwih cepet Cirebon. Buktine Cirebon saiki malah ningkat dadi kota metropolitan. Mangkane basa Indramayu sing ning jagat pendidikan pernah sue ngalami pengaruh basa Jawa Wetan sing digawa dening guru-guru dropingan asal Solo lan Yogyakarta awit taun 60-80 an tetep kudu nrima dadi bagian sing nggunakaken basa Cirebon sing krana pengaruh politik wis olih pengakuan sing pemreintah pusat lan pusat basa, dadi Bahasa Cirebon kih wis di-PERDA-kna uga klaime wis akeh olih pengakuan gedhe didasari pengaruh sing cikal bakal basa sunda buhun atawa basa Banten.

Ndeleng data sing wis kasebut kuwenkuh malah selanjute nimbulaken pitakonan ning ati. Lamun pancen wis dadi basa sing spesifik kalebu basa Cirebon lan ngingkari basa pangawit-awite yaiku basa Jawa, kenangapa jenis huruf sing digunakna ning dalem pengajaran basa kuwen kuh nyatane senajan basa sunda uga basa Cirebon ora nganggo tulisan basa banten kuna nanging tetep bae tulisan sing dingo ajaran ning Cirebon uga Indramayu lan sebagian daerah sekitar Pantura Jawa kabeh nggunakna Huruf Jawa ning saben penulisane. Sing dikenal nganggo huruf sing monine ha-na-ca-ra-ka-da-ta-sa-wa-la, pa-dha-ja-ya-nya-ma-ga-ba-tha-nga. Senajan kaya mengkonon Basa Sunda pancen beda adoh karo Basa Jawa; beda ning pengucap, dialek uga logate. Buktine bae ning saben suluk sewaktune ganti adegan ing pentas wayang sunda, tetep bae suluk ke sing diengggo ya suluk sing biasa digunakaken dening para dalang sing Jawa. Suluk pengganti adegane iku nggunakna tebang suluk basa Jawa.

Balik maning mlebu ning pakembangan Basa Jawa ning wilayah Pantura Tegal-Indramayu sing saiki makin dilirik krana akeh muncul karya sastra ing dalem bentuk geguritan lan tembang sing dikenalaken nlewati jagat maya (internet) kasebut uga daerah subur pakembangan basa Jawa Dialek Pantura sing dwueni kekhasan dewek sajrone pangucap lan lagu sarta iramane. Kekhasan basa ning Tegal lan Indramayu selanjute diwarnani dening puncak terkenale lagu-lagu dangdut Tarling era peredaran kaset sing selanjute nambah maju maning samuncule jaman CD lan DVD. Sekien malah luwih canggih maning mlebu jaman MP3 lan MP4. Lagu-lagu Tarling dangdut basa Indramayu lan Cirebon wis mrajalela dadi konsumsine masyarakat nuswantara Indonesia nggunakna jalur edar pembajakan CD lan tumbuh berkembane era musik panggung bebas ning masyarakat ketimbang era seniman sukses marani studio punca kesuksesan Jakarta sing awit matine pertumbuhan musik dangdut ning layar TV digantikna ramene panggung dangdut ning asyarakat terutama ning kawasan Pantura Jawa Timur sing sukses ngangkat artis Inul Daratista saking panggung desa-ke desa menuju panggung besar papan atas artis nasional. Inul uga melu nguri-uri basa pankembangan Basa Jawa, krana materi lagu-lagune kya dene prau layar, Anoman Obong, Slenko, Bojoku Nakal lan sejen-senene ya nganggo basa Jawa.

Samentara iku ning Indramayu lan Cirebon, Aas Rolani, Dede S, Nunung Alvi, Dunyawati, lan Dewi Kirana, justru wis bisa nembusi jagat kawentar dadi artis ning panggung gedhe sing diperjuangna lan bias ngunduh kesuksesan bing masyarakate sebabe lagu-lagu basa Jawa Dialek Indramayu karo tembang dangdut tarling sing syaire nyindiri kahanan lan nyenggoli ati ngepas pisan karo kondisi sosial politik masyarakat nasional uga internasional. Tiliki bae lagune sing judule “mabok bae” minangka potret maboke anggota masyarakat sosial uga “Kucing Garong” sing satemene nyimbolaken para koruptor kang tamak lan rakus. Ditambah maning sekien ana lagu “nasib TKI”, “Di usir Laki”, lan “selingkuh” kang wis dadi syair sing lengket ning tembang-tembang dangdut tarling masyarakat Dermayu-Cerbon. Katon pancen sejujure yen saire kuh ngungkapna prubahan prilaku sosial masyarakate nganggo Basa Jawa sing bisa dimaknai lan dimengerti sanuswantara.

Sejen maning karo kahanan basa Jawa ning Tegal, pakembangan karya sastra, panggung-panggung keliling sing desa marani desa, uga kantor marani kantor dilakoni perjuangan tanpa ngrasa pegel dening para pelaku budaya lan pelestari basa Jawa gialek Tegal. Ning antarane ana uga kalangan seniman sing nyiptakaken lagu sing ditembangna awit genah siji marani tempat sejene karo nduweni tujuan nghibur masyarakat. Krana wis kadung dadi basa Jawa sing nganggo dialek khas lan nduwe kelucuan ning pangucape, kayadene sing dikuatna dening para pelawak Indonesia sing seringseringe nggunakaken dialek basa Tegal ning dialoge sing seger. Mulane lagu-lagu dangdut lan gaya populer basa Tegal kabeh kuen kuh nafase komedi lan satir-satir sing mrupakna sindiran nganggo pakembangan sosial ekonomi ning masyarakate. Senajana masih katon wujude sing sederhana lan tujuane mung nganggo kalangan masyarakat Tegal dewek lan sekitare, masa depan lagu-lagu basa dialek Tegal dipastikaken bakal olih kejayaan kaya dene lagu-lagu Tarling asal Indramayu. Persoalane, Tegal wis due market (dalan pemasaran) nduweni ewonanan pedagang “Warteg” (Warung Tegal) ning kota-kota se Indonesia. Yen pemasarane lagu-lagu kuwen kuh nggunakaken jalur kien, pasti bae lagu-lagu Tarling bisa kesaing. Lagu-lagu basa dialek Tegal jaman sekien diprakarsai dening Hadi Utomo, Dimas Riyanto, Nurngudiono, Imam Klonengan lan dimotori dening Agus Riyanto bupatine sing pastine bli suwe maning bakal menasional sajerone waktu sing ora bias ditentokna.

Pancen beda pisan karo pakembangan lagu-lagu basa Jawa sing diproduksi seniman asal Yogya, Solo, Semarang, Malang lan Surabaya sing kudu diakui saiki lagi ngalami kemunduran oleh sebab pencipta lagu lan pelestari basa Jawa ning telung daerah provinsi ini masih pemali (tabu) anggone nrima lagu-lagu karyane rakyat jelata sing luwih peka anggone ngadepi kahanan sosial politik negerine. Beda karo wong-wong sing nyiipta lagu ning Indramayu, sing akehe buah pikire utawa karangane kaum lanang sing ditinggal rabine dadi TKW lan sing pada ditingganna lunga mrantau meng luar kota. Semono uga pecipta lagu ning Tegal sing akehe diciptakna dening kalangan seniman, guru-guru lan pejabat pemerintah sing dibatesi dening etika, birokrasi lan pakem anggah-ungguh daerahe. Akibate beli aneh yen sing awit jaman bengen Ki Narto Sabdo sesantere nyiptakna tembangan sing khas lan bisa melegenda. Sekien lagu-lagu sing kaya mengkonon kuh dadi tantangan. Sapa bae wonge sing bisa lan wani nerusaken perjuangane Ki Narto Sabdo. Buktine maning Didi Kempot bae sing asal Yogya, krana ngrasa kesaing pasar tembang lan produktifitas seniman pencipta lagu basa Jjawa ning Jawa Tengah lan Jawa Wetan ngalami kemunduran, deweke ora asa-asa maning teka meng Cirebon lan Indramayu nganggo gawe produk lagu kolaborasi. Hasile tamtu bae Didi Kempot nggawe album campursari sing justru nambah ngedekna hebate khasanah basa Jawa khas Jawa Wetan lan Pantura ning pandengane masayarakat se jagat nasional lan uga internasional. Simak bae lagune kang judule “Jambu Alas” ning kono Didi Kempot nyanyi bareng karo Nunung Alvi asal Cirebon karo musik gaya dangdut Tarling Dermayon. Sing kene bae nambah n jelas maning maknani basa masyarakat Pantura sing ning kalangan intelektual lan ahli basa Jawa disisihna sing pengamatan lan cenderung ora kecatet ning peta pakembangan basa Jawa, lan rasane nambah minggir posisine., Ning kenyataane sajerone pakembangan basa Jawa kuh malah nyumbangna semono gedene eksistensi basa Jawa secara global. Syair lagu lan karya sastra geguritan basa Jawa dialek Tegal lan tembang pantura Indamayu-Cirebon nambah mbuktikna unik lan pentinge kabeh pengamat basa Jawa nganggo nerusna perjalanan kiprah lan pakembangane. ***
*.Penulis awit taun 80-an milih dadi penggurit klairan Tegal nanging awit cilik tumeka gedhe jumeneng ning Indramayu. Saiki jumeneng ning Tegal ngiburi rabine.

Komentar